Ati
Apa buktiné nèk kata ati sing dienggo ing Alkitab kuwi maksudé isa perasaan, pikiran, niat, lan sifat?
Mzm 49:3; WB 16:9; Luk 5:22; Kis 2:26
Kisah ing Alkitab:
Luk 9:46-48—Yésus ngerti nèk ing atiné murid-muridé, meréka péngin dianggep luwih unggul. Makané Yésus ngekèki naséhat murid-muridé
Kenapa njaga ati kuwi penting?
Kisah ing Alkitab:
PD 6:5-7—Merga pikiran lan atiné wong-wong jahat, Yéhuwah nggawé Banjir Gedhé kanggo ngukum wong-wong kuwi
1Raj 11:1-10—Merga Raja Salomo nikah karo wong wédok asing, atiné Salomo dadi nyimpang lan ora saktulusé ati ngabdi marang Yéhuwah
Mrk 7:18-23—Yésus njelaské nèk kabèh kepénginan sing salah asalé saka ati lan kuwi marakké awaké dhéwé nggawé dosa
Piyé carané njaga ati?
Mzm 19:14; WB 3:3-6; Luk 21:34; Flp 4:8
Deloken Ézr 7:8-10; Mzm 119:11
Kisah ing Alkitab:
Éf 6:14-18; 1Tés 5:8—Kaya tutup dhadha sing nglindhungi jantungé prajurit, tumindak sing bener, iman, lan katresnan ya nglindhungi atiné awaké dhéwé
Saka endi awaké dhéwé ngerti nèk ati utawa niaté awaké dhéwé kuwi ora bener?
Deloken WB 6:12-14
Kisah ing Alkitab:
2Bb 25:1, 2, 17-27—Awalé Raja Amazia manut karo Gusti Allah, tapi ora saktulusé ati. Suwé-suwé dhèwèké dadi sombong, ora manut, lan nampa akibaté
Mat 7:17-20—Yésus nyebutké soal wit sing èlèk bakal ngasilké buah sing èlèk. Padha kaya ngono, nèk atiné èlèk awaké dhéwé bakal nglakoni sing salah
Kenapa awaké dhéwé kudu berusaha nduwé ati sing apik, lan piyé carané?
Deloken Mzm 119:97, 104; Rm 12:9-16; 1Tim 1:5
Kisah ing Alkitab:
2Bb 20:1-6—Raja Hizkia wis setya lan saktulusé ati ngabdi marang Yéhuwah. Dadi pas Hizkia lara lan arep mati, dhèwèké njaluk bantuané Yéhuwah
Mat 21:28-32—Yésus nyebutké soal perumpamaan sing nduduhké nèk isi atiné wong ora mung kétok saka omongané, tapi ya saka perbuatané
Kenapa awaké dhéwé isa tenang merga ngerti nèk Yéhuwah mriksa isi atiné awaké dhéwé?
Deloken 1Sam 2:3
Kisah ing Alkitab:
1Sam 16:1-13—Nabi Samuèl ngerti nèk sing didelok Yéhuwah kuwi dudu penampilané, tapi atiné
2Bb 6:28-31—Dongané Raja Salomo pas peresmian bait nduduhké nèk Yéhuwah ngerti isi atiné wong-wong lan péngin mbantu