Nginjil
Kenapa wong Kristen sing bener nyritakké kepercayaané karo wong liya?
Apa buktiné nèk Yésus nganggep nginjil kuwi penting?
Kisah ing Alkitab:
Luk 4:42-44—Yésus ngomong nèk dhèwèké diutus ing bumi kanggo martakké kabar apik
Yoh 4:31-34—Yésus ngomong nèk martakké kabar apik kuwi kaya panganan kanggo dhèwèké
Apa sing éntuk nginjil kuwi mung wong-wong lanang sing nduwé tugas ing jemaat?
Mzm 68:11; 148:12, 13; Kis 2:17, 18
Kisah ing Alkitab:
2Raj 5:1-4, 13, 14, 17—Bocah wédok Israèl crita karo bojoné Naaman soal Èlisa, nabiné Yéhuwah
Mat 21:15, 16—Yésus ngélikké imam kepala lan ahli Taurat sing ora seneng merga ana cah-cah lanang muji Yésus
Para pinituwa nduwé tugas apa soal nginjil lan mulang wong liya?
Piyé carané Yéhuwah lan Yésus mbantu awaké dhéwé bèn isa nginjil?
Kisah ing Alkitab:
Kis 16:12, 22-24; 1Tés 2:1, 2—Meskipun dianiaya, Paulus lan kanca-kancané tetep kendel nginjil merga bantuané Yéhuwah
2Kor 12:7-9—Merga diwènèhi kekuwatan saka Yéhuwah, Paulus isa tetep nginjil meskipun dhèwèké nduwé ”eri ing njero daging” sing maksudé masalah keséhatan
Sapa sing ngekèki awaké dhéwé tugas kanggo nginjil?
Apa buktiné nèk Yéhuwah péngin awaké dhéwé nglatih wong liya bèn isa nginjil lan mulang?
Mrk 1:17; Luk 8:1; Éf 4:11, 12
Kisah ing Alkitab:
Yés 50:4, 5—Sakdurungé Yésus diutus ing bumi, Yéhuwah nglatih Yésus
Mat 10:5-7—Pas ing bumi, Yésus sabar nglatih murid-muridé bèn terus nginjil
Piyé pandhangané awaké dhéwé soal nginjil?
Piyé perasaané awaké dhéwé pas martakké kabar apik?
Topik apa waé sing isa awaké dhéwé critakké pas nginjil?
Kenapa awaké dhéwé ngandhani wong-wong bèn aja terpengaruh ajaran sing ora bener?
Kisah ing Alkitab:
Mrk 12:18-27—Wong Saduki ora percaya nèk wong mati isa urip manèh. Yésus njawab pertanyaané wong Saduki nganggo Kitab Suci kanggo mbuktèkké nèk ajarané meréka salah
Kis 17:16, 17, 29, 30—Paulus mbantu wong-wong ing Athéna bèn ngerti nèk nyembah patung kuwi salah
Awaké dhéwé isa nginjil ing endi waé?
Kenapa awaké dhéwé nginjil ing panggonan umum?
Yoh 18:20; Kis 16:13; 17:17; 18:4
Deloken WB 1:20, 21
Kenapa kudu sabar lan aja nyerah pas nginjil?
Apa manfaaté nèk terus nginjil?
Kenapa awaké dhéwé kudu siap martakké kabar apik ing endi waé lan kapan waé?
1Kor 9:23; 1Tim 2:4; 1Ptr 3:15
Kisah ing Alkitab:
Yoh 4:6, 7, 13, 14—Meskipun kesel, Yésus martakké kabar apik karo wong wédok Samaria ing cedhak sumur
Flp 1:12-14—Meskipun dipenjara, Paulus tetep nginjil lan nguwatké sedulur-sedulur
Apa kabèh wong gelem nampa kabar apik?
Yoh 10:25, 26; 15:18-20; Kis 28:23-28
Kisah ing Alkitab:
Yér 7:23-26—Liwat Yérémia, Yéhuwah ngomong nèk umaté bola-bali ora manut karo nabi-nabi sing diutus Yéhuwah
Mat 13:10-16—Yésus ngomong nèk kaya wong-wong ing jamané Yésaya, akèh sing bakal ngrungokké kabar apik tapi ora berubah
Kenapa awaké dhéwé ora héran nèk akèh wong saiki ora gelem ngrungokké kabar apik merga sibuk?
Saka endi awaké dhéwé ngerti nèk ana sing awalé gelem ngrungokké lan berminat, tapi akhiré ora gelem nglayani Yéhuwah?
Saka endi awaké dhéwé ngerti nèk isa waé dianiaya merga nginjil?
Nèk dikon mandheg nginjil, awaké dhéwé piyé?
Apa buktiné nèk tetep ana wong sing gelem nampa kabar apik?
Para penginjil nduwé tanggung jawab apa?
Kenapa awaké dhéwé nginjil karo wong-wong sing béda agama, suku, lan bangsa?
Mat 24:14; Kis 10:34, 35; Why 14:6
Deloken Mzm 49:1, 2