PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • scl hlm. 33-34
  • Ibadah

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Ibadah
  • Tuntunan saka Alkitab
Tuntunan saka Alkitab
scl hlm. 33-34

Ibadah

Awaké dhéwé kuduné nyembah sapa?

Pa 34:14; PT 5:​8-10; Yés 42:8

  • Kisah ing Alkitab:

    • Mat 4:​8-10—Sétan ngomong nèk Yésus isa nguwasani kabèh pamréntahané manungsa, sing penting Yésus nyembah Sétan. Tapi, Yésus ora gelem merga Yésus mung péngin nyembah Yéhuwah

    • Why 19:​9, 10—Malaékaté Yéhuwah ora gelem disembah Rasul Yohanes

Yéhuwah péngin ibadahé awaké dhéwé piyé?

Yoh 4:24; Yak 1:​26, 27

  • Kisah ing Alkitab:

    • Yés 1:​10-17—Yéhuwah ora gelem nampa ibadahé wong-wong sing munafik, utawa sing ora tenanan manut préntahé

    • Mat 15:​1-11—Saka omongané Yésus, awaké dhéwé ngerti nèk Yéhuwah ora gelem nampa ibadah sing mung mentingké tradhisi lan ora sesuai karo préntahé Yéhuwah

Awaké dhéwé kudu ngibadah bareng sapa?

Ibr 10:​24, 25

Deloken Mzm 133:​1-3

  • Kisah ing Alkitab:

    • Kis 2:​40-42—Ing jamané para rasul, wong Kristen ngumpul bareng kanggo ndonga, bergaul, lan sinau Kitab Suci

    • 1Kor 14:​26-40—Rasul Paulus ngandhani nèk pertemuan ibadah kudu tertib lan nguwatké bèn sedulur-sedulur isa paham karo sing diajarké

Piyé bèn ibadahé awaké dhéwé ditampa Yéhuwah?

Mat 7:​21-24; 1Yoh 2:17; 5:3

  • Kisah ing Alkitab:

    • Ibr 11:6—Rasul Paulus njelaské bèn ibadahé ditampa, awaké dhéwé kudu nduwé iman karo Yéhuwah

    • Yak 2:​14-17, 24-26—Yakobus ngomong nèk iman kudu dibuktèkké liwat tumindak

Wong Kristen nduwé tugas sing penting apa?

Mat 28:​19, 20; Luk 9:2; 2Tim 4:​2, 5

Kenapa awaké dhéwé kudu semangat nglayani Yéhuwah?

Luk 13:24; Rm 12:11; 1Kor 15:58; Ibr 6:​10-12

Deloken 1Tim 3:1

Pas nglayani Yéhuwah, kenapa aja mbandhing-mbandhingké kemampuané awaké dhéwé karo wong liya?

Gal 6:​3-5

  • Kisah ing Alkitab:

    • Mat 25:​14, 15—Perumpamaané Yésus nduduhké nèk murid-muridé nduwé kesanggupan sing béda-béda. Mula, dhèwèké ora meksa murid-muridé ngekèki sing padha

    • Luk 21:​2-4—Yésus menghargai sumbangan sing sithik saka randha mlarat

Awaké dhéwé sanggup nglakoni tugas saka Yéhuwah merga apa?

2Kor 4:7; Éf 3:​20, 21; Flp 4:13

  • Kisah ing Alkitab:

    • 2Tim 4:17—Paulus ngerti nèk dhèwèké bakal éntuk kekuwatan sing dibutuhké

Kenapa semangat nglayani Yéhuwah isa nggawé bahagia?

Mzm 40:8; Yoh 13:17; Yak 1:25

Deloken Mat 25:23

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim