PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • w15 1/10 hlm. 32
  • Jawabané Alkitab

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Jawabané Alkitab
  • Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2015
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Yésus Bakal Nyingkirké Kemiskinan
    Topik Liyané
Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2015
w15 1/10 hlm. 32

JAWABANÉ ALKITAB

Apa mungkin ora ana sing mlarat manèh ing donya iki?

Wong wédok nggawa mangkok kosong lan ngekep cah wédok

Piyé carané Gusti Allah nyingkirké kabèh sing marahi mlarat?​—Matéus 6:9, 10.

Saben taun yutan wong mlarat mati, merga kurang gizi lan penyakit. Senajan akèh negara sing makmur, ning tetep waé akèh sing mlarat banget. Alkitab kandha nèk masalah kuwi ora ana entèké.​—Wacanen Yokanan 12:8.

Pancèn dibutuhké pamréntahan sing isa nyingkirké kabèh sing marahi mlarat. Uga, sing isa nyukupi kebutuhané manungsa sak donya lan nyingkirké perang sing marahi manungsa mlarat. Gusti Allah janji nèk bakal ana pamréntahan sing kaya ngono.​—Wacanen Dhanièl 2:44.

Sapa sing isa nyingkirké kabèh sing marahi mlarat?

Gusti Allah milih Yésus kanggo mréntah bumi. (Jabur 2:4-8) Yésus bakal mbantu wong sing mlarat lan nyingkirké kabèh sing marahi wong ditindhes lan dianiaya.​—Wacanen Jabur 72:8, 12-14.

Kaya sing diramalké, Yésus sing dadi ”Ratuning katentreman,” bakal nggawé bumi dadi ayem tentrem. Kabèh sing manggon ing kono bakal nduwé omah, gawéan sing nyenengké, lan ora kurang pangan.​—Wacanen Yésaya 9:5, 6; 65:21-23.

Kanggo katrangan luwih akèh, deloken bab 8 buku iki, Apa yang Sebenarnya Alkitab Ajarkan?, sing dicétak Seksi-Seksi Yéhuwah

Uga ana ing www.jw.org/id

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim