PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • w15 1/12 hlm. 3
  • Alesané Perlu Ngerti Alkitab

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Alesané Perlu Ngerti Alkitab
  • Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2015
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Buku sing Isa Dingertèni
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2015
  • Gunakna Kabèh sing Disedhiyakké Yéhuwah
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2016
  • Apa Kabar Apik Kuwi Bener saka Gusti Allah?
    Kabar Apik saka Gusti Allah!
  • Piyé Carané Ngrungokké Gusti Allah?
    Rungokna Gusti Allah Bèn Urip Saklawasé
Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2015
w15 1/12 hlm. 3

SING UTAMA DIREMBUG | PANJENENGAN ISA NGERTI ALKITAB

Alesané Perlu Ngerti Alkitab

”Alkitab kuwi kitab suci sing terkenal. Ning, buku kuwi dudu saka kéné, dadi ora cocog kanggo wong-wong Cina.”—LIN, CINA.

”Kitab suciné wong Hindu waé aku ora ngerti, apa manèh Alkitab.”—AMIT, INDIA.

”Aku ngajèni Alkitab, merga kuwi buku kuna lan krungu-krungu paling akèh dicétak. Ning, aku dhéwé ora nduwé bukuné.”—YUMIKO, JEPANG.

Akèh wong ing donya iki ngajèni Alkitab, senajan mbokmenawa wong-wong kuwi mung ngerti sithik isiné. Kuwi kedadéan ing negara-negara Asia, lan uga ing negara-negara sing wong-wongé nduwé Alkitab.

Wong wédok maca Alkitab

Mbokmenawa panjenengan tau takon, ”Apa sebabé aku perlu ngerti isiné Alkitab? Isiné buku iki isa mbantu panjenengan ngerti carané:

  • Urip seneng lan ayem tentrem

  • Ngadhepi masalah keluarga

  • Ngadhepi rasa kuwatir

  • Nduwé hubungan sing apik karo wong liya

  • Ngatur dhuwit

Contoné, Yoshiko saka Jepang, péngin ngerti isiné Alkitab lan ngupaya maca dhéwé. Apa hasilé? Dhèwèké kandha, ”Alkitab mbantu aku nduwé tujuan urip lan pengarep-arep mbésuké. Uripku dadi ana gunané.” Amit, sing mau wis disebutké, sing wis sinau Alkitab dhéwé kandha, ”Aku gumun banget. Isiné Alkitab isa ditrapké kabèh wong.”

Alkitab wis mbantu wong akèh. Apa panjenengan péngin mriksa isiné, lan éntuk paédah saka Alkitab?

Kehidupan yang Memuaskan—Bagaimana Memperolehnya

Kanggo katrangan luwih akèh bab carané ngerti paédahé Alkitab, deloken buku Kehidupan Yang Memuaskan—Bagaimana Memperolehnya, sing dicétak Seksi-Seksi Yéhuwah.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim