PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • wp17 No. 1 hlm. 3
  • Apa Perlu Maca Alkitab?

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Apa Perlu Maca Alkitab?
  • Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2017
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Carané Bèn Seneng Maca Alkitab
    Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
  • Carané Bèn Anak-Anak Seneng Maca—Bagéan 1: Pilih Maca utawa Nonton?
    Bantuan kanggo Keluarga
  • Piyé Carané Mulai?
    Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2017
  • Manfaaté Alkitab kanggo Njenengan
    Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
Delok Kabèh
Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2017
wp17 No. 1 hlm. 3
Wong wédok njupuk Alkitab saka rak buku

BAB UTAMA | CARANÉ ÉNTUK PAÉDAH SAKA MACA ALKITAB

Apa Perlu Maca Alkitab?

”Alkitab kuwi angèl dingertèni.”​—Jovy

”Alkitab kuwi mboseni.”​—Queennie

”Alkitab kuwi kandel, aku dadi wegah maca.”​—Ezekiel

Apa panjenengan wis tau rumangsa kaya ngono? Akèh wong rumangsa nèk maca Alkitab kuwi ora nyenengké. Ning, piyé nèk Alkitab kuwi jebulé isa mbantu panjenengan ngrasakké urip sing luwih marem lan nyenengké? Lan piyé nèk jebulé ana cara-cara sing isa nggawé awaké dhéwé dadi luwih seneng maca Alkitab? Apa panjenengan gelem sinau isiné Alkitab?

Gatèkna kandhané wong-wong sing wis éntuk paédah saka maca Alkitab.

Ezekiel, sing umuré 20-an, kandha, ”Mbiyèn, uripku kaya wong sing nyetir mobil tanpa tujuan. Ning, sakwisé maca Alkitab uripku dadi ana tujuané. Alkitab mènèhi naséhat sing isa ditrapké ing urip saben dina.”

Frieda, sing umuré uga 20-an, kandha, ”Aku mauné gampang nesu. Ning, sakwisé maca Alkitab, aku dadi wong sing sabar. Aku dadi luwih gampang srawung karo wong liya. Dadi, kancaku saiki akèh.”

Eunice, sing umuré 50-an, kandha, ”Alkitab mbantu aku dadi wong sing luwih apik lan ngowahi kebiyasaanku sing èlèk.”

Kaya sing dirasakké wong-wong kuwi lan akèh wong liyané, maca Alkitab isa mbantu urip panjenengan dadi luwih nyenengké. (Yésaya 48:17, 18) Sakliyané kuwi, maca Alkitab uga isa mbantu panjenengan nggawé keputusan sing apik, éntuk kanca sing sejati, ngatasi strès, lan sing luwih penting, isa sinau bab Gusti Allah. Naséhaté Alkitab kuwi mesthi migunani merga asalé saka Gusti Allah.

Sing paling penting panjenengan isa nyoba dhisik. Panjenengan isa mulai maca lan ngrasakké dhéwé nèk maca Alkitab kuwi nyenengké tenan. Piyé carané?

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim