PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • wp17 No. 2 hlm. 3-4
  • Hadiah sing Paling Aji

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Hadiah sing Paling Aji
  • Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2017
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Apa Sebabé Kuwi Hadiah sing Paling Aji?
    Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2017
  • Hadiah Apa sing Paling Aji?
    Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2017
  • Tebusan Kuwi Hadiah saka Gusti Allah
    Apa Wulangané Alkitab kanggo Panjenengan?
  • Piyé Tanggepan Panjenengan marang Hadiah Paling Aji saka Gusti Allah?
    Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2017
Delok Kabèh
Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2017
wp17 No. 2 hlm. 3-4
Wong lanang sing wis tuwa maringi rautan pènsil sing bentuké kapal-kapalan marang cah lanang

BAB UTAMA | HADIAH PALING AJI SAKA GUSTI ALLAH

Hadiah sing Paling Aji

IKI mung rautan pènsil cilik sing bentuké kapal-kapalan lan kétoké biyasa waé. Ning, kanggoné Jordan, iki dadi barang sing aji banget. Jordan kandha, ”Kancané keluargaku sing wis tuwa, sing jenengé Russell, maringi rautan iki wektu aku isih cilik.” Sakwisé Russell mati, Jordan lagi ngerti nèk Russell kuwi sing nguwatké wong tuwané lan éyang kakungé wektu kahanané angèl. Jordan kandha, ”Bareng ngerti critané Russell, hadiah iki dadi luwih aji manèh kanggo aku.”

Kaya pengalamané Jordan, hadiah kuwi isa waé dianggep biyasa utawa ora ana ajiné kanggo wong liya. Ning, kanggoné wong sing ngajèni, kuwi isa dadi hadiah sing aji banget. Alkitab njelaské nèk ana hadiah sing ajiné ora ana sing ngungkuli. Alkitab kandha, ”Gusti Allah anggoné ngasihi marang jagad iku nganti masrahaké Kang Putra ontang-anting, supaya saben wong kang pracaya marang Panjenengané aja nganti nemu karusakan, nanging nduwènana urip langgeng.”​—Yokanan 3:16.

Bayangna, apa ana hadiah liya sing ajiné ngungkuli kuwi? Iki hadiah sing isa marahi urip langgeng. Ana sing ora ngerti sepira ajiné hadiah kuwi. Ning, kanggo wong Kristen sejati, hadiah kuwi aji banget. (Jabur 49:9; 1 Pétrus 1:18, 19) Apa sebabé Gusti Allah nganti ngurbanké nyawané Putrané kanggo manungsa?

Rasul Paulus njelaské ing Alkitab, ”Tekané dosa ing jagad jalaran saka wong siji, sarta tekané pati marga saka dosa mau, mangkono si pati iya wus nyrambahi marang wong kabèh.” (Rum 5:12) Manungsa sing sepisanan, Adam, ora manut karo Gusti Allah, dadi dosa, lan éntuk ukuman mati. Akibaté, kabèh manungsa mati merga éntuk warisan dosa saka Adam.

”Pituwasé dosa iku pati, balik sih-peparingé Gusti Allah iku urip langgeng ana ing Sang Kristus Yésus, Gusti kita.” (Rum 6:23) Gusti Allah ngutus Putrané, yaiku Yésus Kristus, kanggo masrahké uripé sing sampurna bèn manungsa isa bébas saka ukuman mati. Pangurbanané Yésus, sing disebut tebusan, isa nggawé wong-wong sing percaya marang Yésus éntuk urip langgeng.​—Rum 3:24.

Umaté Gusti Allah isa éntuk berkah-berkah liwat Yésus Kristus. Paulus kandha, ”Puji sokur konjuk marang Gusti Allah marga saka sih peparingé kang ora kena winirasa iku!” (2 Korinta 9:15) Tebusané Yésus kuwi pancèn hadiah sing paling aji saka Gusti Allah. Apa sebabé? Apa bédané karo hadiah liyané saka Gusti Allah?a Lan piyé kuduné tanggepané awaké dhéwé? Ayo dirembug jawaban saka Alkitab kanggo pitakonan-pitakonan kuwi ing rong artikel sakbanjuré.

a Yésus lila ”masrahaké nyawané kanggo kita”. (1 Yokanan 3:16) Pangurbanané Yésus kuwi bagéan saka kersané Gusti Allah. Mula, sing bakal dirembug ing artikel-artikel iki yaiku bab Gusti Allah sing nyedhiyakké tebusan.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim