PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • w19 November hlm. 31
  • Apa Panjenengan Ngerti?

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Apa Panjenengan Ngerti?
  • Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2019
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Nggawé Rencana kanggo Sukmbèn lan Nggunakké Akal
    Yésus—Dalan, Sing Bener, Sing Marahi Urip
  • Tetepa Siap, Pengurus sing Setya!
    Yésus—Dalan, Sing Bener, Sing Marahi Urip
Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2019
w19 November hlm. 31
Wong sing dadi pengurus ing Mesir lagi ngawasi wong-wong sing nyambut gawé

Apa Panjenengan Ngerti?

Apa tugasé para pengurus ing jaman Alkitab?

ING jaman Alkitab, wong sing ditugaské kanggo ngurus omah utawa bandha biasané disebut pengurus. Kata Ibrani lan Yunani sing diterjemahké dadi ”pengurus” kuwi ya isa berarti pengawas utawa pengurus rumah tangga.

Salah siji anaké Yakub, yaiku Yusuf, tau dadi pengurus rumah tangga wektu dadi budhak ing Mesir. Alkitab kandha nèk majikané masrahké kabèh bandha sing ana ing omahé ”marang pangwasané Yusuf”. (Pd. 39:2-6) Wektu Yusuf dhéwé dadi penguasa ing Mesir, dhèwèké ya nduwé pengurus rumah tangga.​—Pd. 44:4.

Ing jamané Yésus, wong-wong sing nduwé ladhang biasané ora manggon ing cedhak ladhangé. Dadi, dhèwèké nduwé para pengurus kanggo ngawasi wong-wong sing nyambut gawé ing ladhangé.

Sapa sing isa dipilih kanggo dadi pengurus? Ing jamané para rasul, ana salah siji penulis saka Roma sing jenengé Columella. Dhèwèké kandha nèk wong sing dipilih kanggo dadi pengurus utawa pengawas kudu ”wong sing wis berpengalaman”. Wong sing dadi pengurus ya ”kudu isa ngawasi para pegawé, ning dhèwèké ora éntuk dadi pengawas sing kejem”. Columella ya kandha, ”Sing paling penting, wong sing dadi pengurus ora éntuk rumangsa wis ngerti sak kabèhé lan dhèwèké kudu gelem sinau.”

Ing Alkitab, ana kegiatan-kegiatan sing ditindakké ing jemaat Kristen sing isa dipadhakké karo tugasé pengurus. Misalé, Rasul Pétrus ngandhani wong-wong Kristen supaya nggunakké anugrah saka Gusti Allah kanggo ”nglayani siji lan sijiné, dadi pengurus sing apik saka welas asihé Gusti Allah sing nggumunké”.​—1 Ptr. 4:10.

Ing Lukas 16:1-8, Yésus ya nyritakké perumpamaan soal pengurus. Terus, wektu njelaské soal peristiwa-peristiwa sing bakal kelakon pas dhèwèké dadi Raja, Yésus ngandhani murid-muridé nèk dhèwèké bakal milih ”budhak sing setya lan wicaksana”, utawa ”pengurus sing setya”. Pengurus kuwi nduwé tugas kanggo nyedhiakké katrangan-katrangan sing dhasaré saka Alkitab kanggo wong-wong Kristen ing dina-dina pungkasan. (Mat. 24:45-47; Luk. 12:42) Awaké dhéwé mesthi bersyukur merga isa nampa katrangan-katrangan sing isa nguwatké iman kuwi, sing disedhiakké karo pengurus sing setya kanggo wong-wong Kristen ing sakdonya.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim