PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • wp20 No. 1 hlm. 12-13
  • Keterangan sing Bener soal Kerajaané Gusti Allah

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Keterangan sing Bener soal Kerajaané Gusti Allah
  • Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2020
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Kratoné Gusti Allah Kuwi Apa?
    Apa Wulangané Alkitab kanggo Panjenengan?
  • Kratoné Allah Kuwi Apa?
    Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2020
  • Apa Kandhané Alkitab?
    Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2016
  • Apa Kerajaané Gusti Allah Kuwi Ana ing Njero Ati?
    Pertanyaan sing Dijawab ing Alkitab
Delok Kabèh
Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2020
wp20 No. 1 hlm. 12-13
Bumi sing didelok saka luar angkasa lan kena sinar matahari

Keterangan sing Bener soal Kerajaané Gusti Allah

Yésus mulang para muridé kanggo ndonga, ”Bapakku sing ana ing swarga, muga-muga jeneng-Mu disucèkké. Muga-muga Kerajaan-Mu teka, lan sing Njenengan karepké muga-muga kelakon ing bumi kaya ing swarga.” (Matius 6:9, 10) Kerajaané Gusti Allah kuwi apa? Kerajaan kuwi bakal ngapa? Ngapa kok awaké dhéwé kudu ndongakké kuwi?

Yésus kuwi Raja Kerajaané Gusti Allah.

Lukas 1:31-33: ”Anak kuwi kudu mbok jenengi Yésus. Dhèwèké bakal dadi wong sing penting lan bakal disebut Anaké Sing Mahaluhur. Gusti Allah Yéhuwah bakal nggawé dhèwèké dadi raja kaya Daud nènèk moyangé. Dhèwèké bakal dadi rajané keturunané Yakub nganti saklawasé, lan pamréntahané bakal ana sakterusé.”

Kerajaané Gusti Allah dadi topik utama sing Yésus critakké.

Matius 9:35: ”Yésus lunga ing kutha lan désa, mulang ing sinagogé-sinagogé, martakké kabar apik soal Kerajaan, lan marèkké akèh penyakit lan masalah keséhatan.”

Yésus ngandhani tandhané nèk Kerajaané Gusti Allah arep teka.

Matius 24:7: ”Bangsa bakal nglawan bangsa, lan kerajaan nglawan kerajaan. Bakal ana kelaparan lan gempa bumi ing endi-endi.”

Kabar apik soal Kerajaané Gusti Allah lagi diwartakké ing sak donya.

Matius 24:14: ”Kabar apik soal Kerajaan bakal diumumké ing kabèh wilayah ing bumi bèn kabèh bangsa krungu, terus akhir kuwi bakal teka.”

Keterangan sing Bener soal Kerajaané Gusti Allah

Panggonané. Kerajaané Gusti Allah kuwi pamréntahan sing ana ing swarga.​—DANIÈL 2:44; MATIUS 4:17.

Tujuané. Kerajaané Gusti Allah bakal nggawé bumi dadi firdaus. Ing kono keadaané bakal damai lan wong-wong ora bakal lara utawa mati.​—MAZMUR 37:11, 29.

Pemimpiné. Gusti Allah wis milih Yésus dadi Raja. Sakliyané kuwi, Gusti Allah ya milih 144.000 wong saka bumi kanggo mbantu Yésus.​—LUKAS 1:30-33; 12:32; WAHYU 14:1, 3.

Rakyaté. Rakyat Kerajaané Gusti Allah bakal manggon ing bumi. Wong-wong kuwi ya bakal manut karo Yésus lan peraturané Kerajaané Gusti Allah.​—MATIUS 7:21.

Apa Sebabé Yésus Kuwi Raja sing Paling Cocog?

Wektu ing bumi, Yésus mbuktèkké nèk dhèwèké cocog dadi raja merga dhèwèké . . .

  • perduli karo wong mlarat.​—LUKAS 14:13, 14.

  • sengit karo korupsi lan perbuatan sing ora jujur.​—MATIUS 21:12, 13.

  • isa ngendhalèni alam.​—MARKUS 4:39.

  • isa mènèhi mangan éwonan wong.​—MATIUS 14:19-21.

  • isa mbantu wong sing susah lan marèkké wong lara.​—MATIUS 8:16.

  • isa nguripké wong mati.​—YOHANES 11:43, 44.

Berkah saka Kerajaané Gusti Allah sing Isa Dirasakké Saiki

Njenengan isa bahagia nèk saka saiki gelem dadi rakyaté Kerajaané Gusti Allah. Njenengan bakal . . .

  • ”rukun karo kabèh wong”.​—IBRANI 12:14.

  • nduwé keluarga sing rukun lan bersatu merga njenengan lan bojoné njenengan padha ngajèni lan saling menyayangi.—ÉFÉSUS 5:22, 23, 33.

  • bahagia lan ngrasa puas merga ”ngrungokké lan nindakké omongané Gusti Allah”.​—LUKAS 11:28.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim