Kabar bab Gawéan Nginjil
Wis ana bukti nèk jw.org ampuh banget kanggo martakké kabar apik. Sasuwéné sasi Agustus 2014 pas dina-dina kampanye situs web jw.org, cacahé wong sing saben dina mbukak situs kuwi ing basa Indonésia mundhak 50%. Mulai wektu kuwi, wong sing mbukak situs iki cacahé éwon saben dinané. Situs sing nganggo basa dhaérah uga kerep dibukak. Majalah lan buku sing wis diundhuh ana puluhan éwu saben sasi. Uga ana sing ngisi formulir nèk péngin diparani utawa péngin sinau Alkitab. Ayo terus nggunakké situs iki kanggo nggolèki ”wong kang pantes”!—Mt. 10:11.