Sing Perlu Diéling-éling Pas Kebaktian
Wektuné: Panggonan kebaktian dibukak jam 08.00 ésuk. Saben dina musik disetèl mulai jam 09.20. Pas kuwi, awaké dhéwé kudu wis lungguh bèn acarané isa dimulai. Kebaktian dina Jumat lan Setu rampungé jam 05.00 soré, lan dina Minggu rampungé kira-kira jam 04.00 soré.
Nyanyi kanggo Yéhuwah: Kèt jaman mbiyèn umaté Gusti Allah seneng nyanyi kanggo ngluhurké Yéhuwah, lan musik wis dadi bagéan sing penting saka ibadah. (Ms. 28:7) Saben acara ésuk lan awan dimulai nganggo musik selingan. Kuwi ora mung nggo rungon-rungon waé, ning mbantu awaké dhéwé sinau lan ngibadah marang Yéhuwah. Dadi, pas pranata cara ngumumké nèk musik selingan arep dimulai, kuwi tanda kanggo awaké dhéwé lungguh lan ngrungokké musik kuwi, timbang ngobrol karo kancané. Kuwi bukti nèk awaké dhéwé ngajèni para sedulur sing mèlu nggawé lan main musik, sing jenengé orkestra Menara Pengawal. Para sedulur iki mara ing Patterson, New York nganggo biaya dhéwé setaun ping pindho, kanggo ngasilké musik lan lagu sing pénak dirungokké. Bar ngrungokké musik, banjur padha nyanyi bebarengan nganggo lagu pamuji.
Parkir: Ing saben kebaktian sing parkiré diatur karo para sedulur, parkirané bakal diisi manut urut-urutané sing teka. Merga mbokmenawa parkirané ora cukup kanggo nampung kabèh mobil utawa sepédha montor, nèk isa panjenengan nunut sedulur liyané sing nduwé mobil utawa sepédha montor.
Nggolèkké Lungguhan Wong Liya: Wektu panggonan kebaktian dibukak, aja rebutan lungguhan. Panjenengan isa tepa slira, gelem ngalah karo liyané, lan luwih mentingké sedulur liya. Kuwi tandhané wong Kristen sing niru Yésus, lan bakal digatèkké karo wong liya uga mbantu wong kuwi ngluhurké Gusti Allah. (Yo. 13:34, 35; 1 Kr. 13:4, 5; 1 Pt. 2:12) Panjenengan isa nggolèkké lungguhan kanggo wong sing sak omah, sak mobil, utawa sing sinau Alkitab karo panjenengan. Aja ndèlèhké barang-barang ing lungguhan sing ora arep dilungguhi. Dadi, wong liya isa ngerti nèk lungguhan kuwi isih kosong. Ana lungguhan kusus kanggo wong-wong sing wis tuwa lan sing ringkih. Merga lungguhané ora akèh, sing éntuk ngancani lungguh ing kono mung wong siji utawa loro.
Nganggo Klambi sing Pantes: Awaké dhéwé kudu nganggo klambi sing pantes ing kebaktian. Aja nylenèh utawa néka-néka. (1 Tm. 2:9) Awaké dhéwé ora nganggo dandanan sing awut-awutan utawa sak-saké pas mlebu (check in) lan metu (check out) saka hotèl, uga pas ora ing panggonan kebaktian. Dadi, awaké dhéwé seneng nèk isa terus nganggo kartu tandha kebaktian lan ora isin nginjil, nèk kahanané cocog. Dandanan lan kelakuan sing apik ing kebaktian ora mung mbantu wong liya dadi péngin ngerti sing bener saka Alkitab, ning uga isa nyenengké atiné Yéhuwah.—Zf. 3:17.
Nganggo Piranti Èlèktronik: Nèk nggawa HP pas kebaktian, swarané kudu dipatèni bèn ora ngganggu liyané. Semono uga pas nganggo kaméra, alat sing dinggo ngrekam vidhéo, tablèt, utawa piranti liyané aja nganti ngganggu wong liya utawa malah nutupi liyané. Aja terus SMS-an utawa ngirim e-mail pas acara kebaktian. Kuwi tata kramané wong sing teka kebaktian.
Mangan Awan: Nggawa mangan awan dhéwé waé, timbang tuku ing jaba pas ngaso. Rantang utawa wadhah panganan sing cilik isa digawa. Aja nggawa wadhah panganan sing gedhé banget lan wadhah saka beling.
Sumbangan: Kudu diéling-éling nèk kabèh kebaktian gabungan wilayah kuwi isa ana merga sumbangan saka lilaning ati. Para penginjil isa nggawé rencana bèn isa mèlu nyumbang. Awaké dhéwé isa seneng merga wis mèlu nyumbang. (PR. 20:35; 1 Kr. 16:1, 2; 2 Kr. 9:7) Sumbangan sing wujudé cèk isa ditulis kanggo ”Saksi-Saksi Yehuwa Indonesia”.
Obat: Nèk panjenengan biasa ngombé obat saka dokter, obat kuwi isa digawa sakcukupé, merga ing kebaktian ora ana obat kaya ngono kuwi. Jarum suntik kanggo lara diabetes aja diguwang ing tempat sampah kebaktian utawa hotèl, merga kuwi bahaya.
Bèn Ora Tiba: Kudu ngati-ati bèn ora keplèsèt utawa kesandhung. Saben taun ana waé sing tiba gara-gara nganggo sepatu, kususé sepatu jinjit. Apiké nganggo sepatu sing sedherhana waé lan cocog ukurané bèn pénak pas munggah undhak-undhakan, mlaku ing dalan sing ora rata, lan liya-liyané.
Suda Rungon: Acara kebaktian mbokmenawa isa dirungokké nganggo radhio FM. Nèk ngono, panjenengan isa nggawa alat sing isa dinggo ngrungokké radhio FM lan earphone.
Kréta Bayi lan Kursi Santai: Aja nggawa kréta bayi lan kursi santai sing isa dilempit. Ning, kursi khusus bayi kaya sing ana ing mobil, éntuk dipasang ing lungguhan jèjèré wong tuwané.
Wangi-Wangi: Akèh-akèhé kebaktian dianakké ing panggonan sing nggunakké AC utawa kipas angin. Mula, panjenengan isa nganggo lenga wangi utawa balsem sing ambuné ora nyegrak lan ora ngganggu liyané, kususé sing lara seseg.—1 Kr. 10:24.
Formulir Silakan Tindak Lanjuti (S-43-IN): Pas dina-dina kebaktian, nèk ketemu wong sing gelem diparani, isa langsung ngisi formulir Silakan Tindak Lanjuti. Formulir sing wis diisi isa dikèkké Bagéan sing Mènèhi Katrangan (Bagian Informasi) ing kebaktian, utawa dikèkké sekretarisé jemaat sakwisé bali saka kebaktian.
Rèstoran: Panjenengan isa ngluhurké asmané Yéhuwah nèk njaga kelakuan tetep apik pas ing rèstoran. Merga dadi Seksi-Seksi Yéhuwah, awaké dhéwé tetep nganggo sandhangan sing pantes ing endi waé. Nèk wis biasa, aja lali ngekèki dhuwit tambahan kanggo para pelayan.
Kudu Waspada: Maling lan copèt ngincer wong-wong sing padha ngumpul. Mula, aja nganti dhompèt, HP, utawa liyané ditinggal ing lungguhan. Mobil lan sepédha montor kudu dikunci lan aja ninggal barang-barang ing kono, bèn ora dimaling.
Hotèl:
Aja pesen kamar ngluwihi sing dibutuhké, lan cacahé wong sing turu ing kamar kuwi aja ngluwihi sing diéntukké.
Aja mbatalké pesenan kejaba ana alangan. Nèk pancèn kudu mbatalké, panjenengan isa cepet-cepet ngandhani hotèlé bèn sedulur liya sing butuh isa nganggo kamar kuwi. (Mt. 5:37) Nèk panjenengan kepeksa mbatalké pesenan kamar, kudu diéling-éling nèk saben hotèl nduwé aturan dhéwé-dhéwé.
Nèk nganggo kartu dhebit utawa kartu krédhit pas mesen kamar, wis dadi aturané hotèl nèk panjenengan ngekèki dhisik dhuwit jaminan kanggo biaya nginep, ngganti sing rusak, lan liyané. Dhuwit kuwi ora isa dijaluk bali nganti biayané diétung kabèh.
Panjenengan isa nganggo kréta barang lan dibalèkké manèh ing panggonané, bèn isa dinggo wong liya.
Nèk wis biasa ing kono, aja lali ngekèki dhuwit tambahan kanggo pegawé hotèl sing nggawakké koper lan sing ngresiki kamar.
Nèk ora éntuk, aja masak ing kamar.
Njupuk sarapan, kopi, utawa liyané sakperluné.
Merga pegawé hotèl ngurusi akèh tamu, awaké dhéwé kudu nduduhké sipat-sipat sing apik. Pegawé hotèl mesthi seneng nèk urusan karo wong sing apikan, sabar, lan gelem ngalah.
Wong tuwa kudu ngawasi anak-anaké pas nganggo lift, ing kolam renang, ruang tamu hotèl, ruang olahraga, lan panggonan liyané.
Rega kamar sing wis dipilih karo panitya kebaktian kuwi rega kanggo sedina sewengi. Nèk ana tagihan sing ngluwihi rega kuwi, panjenengan isa cepet-cepet ngandhani Bagéan sing Ngurusi Hotèl (Departemen Pemondokan) ing kebaktian.
Nèk panjenengan ana masalah bab kamar hotèl, panjenengan isa ngandhani Bagéan sing Ngurusi Hotèl bèn isa dibantu.
Sing Péngin Ngéwangi (Dinas Sukarela): Sapa waé sing péngin ngéwangi isa ndhaftar ing Bagéan sing Ngurusi Sedulur-Sedulur sing Péngin Ngéwangi (Departemen Dinas Sukarela) ing kebaktian. Bocah-bocah sing umuré durung nganti 16 taun uga isa mbantu, ning kudu diawasi wong tuwané, utawa wong liya sing dikon ngawasi.