Ulangan Sekolah kanggo Mulang Alkitab
Pitakonan-pitakonan iki bakal dirembug ing Sekolah kanggo Mulang Alkitab minggu mulai 29 Juni 2015. Tanggal pas bahan kuwi dirembug dicathet ing kéné, bèn bahan kuwi isa disinaoni sadurungé teka ing acara sekolah saben mingguné.
Apa sing salah saka omongané Mikhal marang Dawud, lan apa sing isa disinaoni karo wong bebojoan saka conto kuwi? (2 Sa. 6:20-23) [11 Mei, w11 1/8 kaca 12 par. 1]
Piyé tanggepané nabi Natan wektu Yéhuwah ngélékké dhèwèké merga ngomong karo Dawud kon mbangun omah kanggo Yéhuwah? (2 Sa. 7:2, 3) [11 Mei, w12 15/2 kaca 24 par. 6-7]
Apa sebabé nabi Natan ndadak nggunakké crita ing 2 Samuèl 12:1-7 kanggo ngandhani nèk dosané Dawud gedhé banget? Kok ora langsung ngomong nèk Dawud salah? Piyé carané awaké dhéwé isa niru conto kuwi wektu mulang Alkitab? [18 Mei, w12 15/2 kaca 24 par. 2-3]
Apa sebabé Absalom isa ngakali wong Israèl, lan piyé carané awaké dhéwé njaga bèn ora diakali karo ”Absalom-Absalom” jaman saiki? (2 Sa15:6) [25 Mei, w12 15/7 kaca 13 par. 7]
Piyé carané Yéhuwah ngopèni Dawud pas kahanané lagi susah, lan apa sing isa disinaoni saka pengalaman kuwi? (2 Sa. 17:27-29) [1 Juni, w08 15/9 kaca 6 par. 15-16]
Apa sing isa ditiru saka contoné Dawud wektu urusan karo wong saka bangsa manca, sing jenengé Itai? (2 Sa. 18:2) [1 Juni, w09 15/5 kaca 27 par. 7]
Piyé carané para sedulur sing sepuh niru tuladhané Barzilai? (2 Sa. 19:33-35) [8 Juni, w07 15/7 kaca 15 par. 1-2]
Piyé omongané Dawud bab wong sing setya marang Yéhuwah nggedhèkké atiné para abdiné Yéhuwah jaman saiki? (2 Sa. 22:26) [15 Juni, w10 1/6 kaca 26 par. 6-7]
Piyé carané nabi Natan nduduhké nèk dhèwèké setya marang Gusti Allah, lan saiki piyé awaké dhéwé isa niru tuladhané? (1 Ra. 1:11-14) [22 Juni, w12 15/2 kaca 25 par. 1, 4-5]
Ing bab apa waé abdiné Gusti Allah mbokmenawa nggolèk-golèk alesan, bèn isa ora manut karo dhawuhé Gusti Allah, kaya sing ditindakké Suléman? (1 Ra. 3:1) [29 Juni, w11 15/12 kaca 10 par. 12-14]