Carané Nawakké Wacan
Buku Kabar Apik saka Gusti Allah!
Aku mréné merga péngin nduduhké carané sinau Alkitab. Ing buku iki ana 15 bab sing nduduhké piyé carané Alkitab mènèhi jawaban saka pitakonan-pitakonan penting. [Duduhna kaca ngarep lan mburi dhéwé.] Panjenengan apa wis tau nyoba sinau Alkitab? [Rungokna jawabané.] Carané sinau gampang banget, ayo dicoba saiki. [Rembugen bab 3, pitakonan ketelu paragraf siji, lan wacakna Wahyu 21:4, 5. Nèk cocog, rembugen paragraf sakbanjuré karo ayat sing ana tulisané ”wacanen”.] Nèk panjenengan péngin, buku iki isa kanggo panjenengan. Aku seneng nèk panjenengan isa sinau Alkitab, paling ora dicoba pisan dhisik. Nèk cocog, panjenengan isa neruské. Liya dina awaké dhéwé isa ngrembug bab siji, bahané mung sithik.