Ulangan Sekolah kanggo Mulang Alkitab
Pitakonan-pitakonan iki bakal dirembug ing Sekolah kanggo Mulang Alkitab minggu mulai 31 Agustus 2015.
Apa sing isa disinaoni saka dongané raja Suléman bab Yéhuwah sing isa nguwatké iman, lan nèk kuwi dipikirké tenanan, apa paédahé kanggo awaké dhéwé? (1 Ra. 8:22-24, 28) [6 Juli, w05 1/7 kaca 30 par. 3]
Piyé carané awaké dhéwé niru contoné Dawud bèn isa mbuktèkké nduwèni ”ati sing mulus”, utawa setya? (1 Ra. 9:4) [13 Juli, w12 15/11 kaca 7 par. 18-19]
Apa sing isa disinaoni saka pengalamané Élia wektu diutus Yéhuwah kanggo nemoni randha ing Sarfat? (1 Ra. 17:8-14) [27 Juli, w14 15/2 kaca 14]
Piyé awaké dhéwé isa luwih ngendelké Yéhuwah, nèk mikirké tenanan 1 Para Raja 17:10-16? [27 Juli, w14 15/2 kaca 13-15]
Apa sing disinaoni saka carané Élia ngadhepi rasa nglokro? (1 Pa. 19:4) [3 Agt., ia-IN kaca 102-103 par. 10-12; w14 15/3 kaca 15 par. 15-16]
Piyé tanggepané Yéhuwah wektu pirsa nabi Élia nglokro, lan piyé awaké dhéwé isa niru Yéhuwah? (1 Pa. 19:7, 8) [3 Agt., w14 15/6 kaca 27 par. 15-16]
Raja Akhab nduwèni pikiran salah apa, lan piyé carané awaké dhéwé bèn ora nindakké sing padha? (1 Pa. 21:20) [10 Agt., lv-IN kaca 164-165, kothak; w14 1/2 kaca 14 par. 3-4]
Pas awaké dhéwé nampa tugas anyar ing gawéan nginjil, apa sing isa disinaoni saka penjaluké Élisa marang Élia? (2 Pa. 2:9, 10) [17 Agt., w03 1/11 kaca 31 par. 5-6]
Piyé wong enom isa niru imané bocah wadon Israèl sing kendel, sing disebutké ing 2 Para Raja 5:1-3? [24 Agt., w12 15/2 kaca 12-13 par. 11]
Sipat apa waé saka Yéhu sing isa ditiru karo para abdiné Yéhuwah ing jaman saiki? (2 Pa. 10:16) [31 Agt., w11 15/11 kaca 5 par. 4]