Mulang Nganggo Buku Kabar Apik
1. Buku Kabar Apik digawé kanggo apa?
1 Kaya sing dirembug ing Kagiyatané Abdiné Allah Juli 2015, buku Kabar Apik saka Gusti Allah! kuwi penting banget kanggo mulang. Wong sing dikabari isa mbukak dhéwé Alkitabé, merga ing buku kuwi ana ayat sing ditulis ning ora dicuplik. Senajan ana akèh wacan Alkitab sing isa disinaoni dhéwé, buku iki digawé bèn dirembug karo wong sing mbantu sinau Alkitab. Mula, wektu nawakké buku iki, kudu dikandhani carané bèn wong sing dikabari ngerti sinau Alkitab kuwi kaya apa.—Mt. 13:44.
2. Piyé carané nggunakké buku Kabar Apik pas pisanan ketemu?
2 Pas Ketemu Pisanan: Panjenengan isa kandha, ”Akèh wong nggatèkké kahanan donya iki. Nèk nurut panjenengan, apa donya iki bakal dadi luwih apik? [Rungokna jawabané.] Alkitab mènèhi kabar apik bab urip mbésuké. Ing buku iki, ana pitakonan-pitakonan sing jawabané ana ing Alkitab.” Wènèhana bukuné banjur wongé dikon milih pitakonan sing ana ing kaca mburi dhéwé. Wènèhana conto carané sinau nganggo paragraf nomer siji bab sing dipilih mau. Cara liyané, panjenengan isa milih salah sijiné bab saka buku kuwi, banjur wongé ditakoni nganggo pitakonan sing ana hubungané karo bab kuwi. Banjur, wènèhana conto carané nemokké jawabané Alkitab nganggo buku kuwi.
3. Terangna carané mulang nganggo buku Kabar Apik.
3 Carané mulang: (1) Wacanen pitakonan sing dicétak kandel, bèn wong sing dikabari ngerti bab sing dirembug. (2) Wacanen paragraf sing ana ing ngisoré pitakonan mau. (3) Wacanen ayat Alkitab sing dicétak miring, lan wènèhana pitakonan bèn wongé ngerti nèk ayat Alkitab kuwi jawaban saka pitakonan sing dicétak kandel. (4) Nèk ana paragraf liya ing ngisoré paragraf mau, gunakna cara nomer 2 lan 3. (5) Pitakonan sing dicétak kandel ditakonké manèh. Saka jawabané, isa ngerti dhèwèké wis ngerti apa durung. Sakwisé mara bola-bali lan ajeg sinau Alkitab, sinauné isa diganti nganggo buku Alkitab Ajarkan, utawa neruské nganggo buku Kabar Apik nganti entèk.
4. Bèn buku iki ana gunané, apa sing kudu ditindakké?
4 Panjenengan kudu ngerti tenan buku iki. Gunakna kapan waé pas wektuné cocog. Sakdurungé sinau, pikirna wong sing sinau, lan carané bèn sinauné luwih apik nganggo ayat-ayat sing ana ing kono. (WB. 15:28; PR. 17:2, 3) Saya suwé nggunakké buku iki, panjenengan isa ngrasakké nèk buku iki cocog banget dinggo mulang Alkitab.