Kabar bab Gawéan Nginjil
Umaté Yéhuwah pancèn ”padha cumadhang marang sadhéngah panggawé becik”. (Tt. 3:1) Saksuwéné sasi Maret 2015, ana lapuran cacahé perintis biyasa 2.864. Liyané ngabdi nganggo cara-cara liya klebu merintis èkstra, lan nèk dijumlahké totalé ana 10.625 penginjil sing ngisi formulir perintis. Kabèh mèlu nyebar undangan Pèngetan lan luwih saka 700.000 undangan wis disebarké. Seneng banget rasané ndelok para sedulur manut karo arahané Yéhuwah lumantar ”abdi kang setya lan pinter”.—Mt. 24:45-47.