Ulangan Sekolah kanggo Mulang Alkitab
Pitakonan-pitakonan iki bakal dirembug ing Sekolah kanggo Mulang Alkitab mulai 26 Oktober 2015.
2 Para Raja 13:18, 19 nyritakké nèk tenanan ngabdi marang Gusti Allah kanthi semangat kuwi penting. Apa sing isa disinaoni saka crita kuwi? [7 Sept., w10 15/4 kaca 26 par. 11]
Sapa sing dadi raja ing Israèl wektu Yunus dadi nabi, lan apa sing isa disinaoni saka carané Yunus ngabdi kaya sing dicritakké ing 2 Para Raja 14:23-25? [7 Sept., w09 1/1 kaca 25 par. 4]
Piyé Prabu Akhas nduduhké nèk dhèwèké ora percaya karo sabdané Gusti Allah lantaran nabi Yésaya, lan apa sing kudu dipikirké sakdurungé nggawé keputusan sing penting? (2 Ra. 16:7) [14 Sept., w13 15/11 kaca 17 par. 5]
Wong-wong sing ora seneng karo umaté Yéhuwah jaman saiki, nggunakké cara sing padha karo utusané raja Asyur sing disebut Rabsyaké. Piyé carané, lan sipat apa sing kudu diduwèni pas ngadhepi aniaya saka wong sing ora seneng mau? (2 Ra. 18:22, 25) [14 Sept., w10 15/7 kaca 13 par. 3-4]
Yosia ngekèki conto sipat andhap asor. Piyé conto kuwi isa mbantu awaké dhéwé wektu maca lan sinau Alkitab? (2 Ra. 22:19, 20) [21 Sept., w00 1/3 kaca 30 par. 2]
Ing 2 Para Raja 25:27-30 ana jenengé raja cacahé loro. Apa buktiné nèk raja-raja kuwi pancèn ana tenan? [28 Sept., w12 1/6 kaca 5 par. 2-3]
Yabès nyuwun apa waé marang Yéhuwah, lan apa sing isa ditiru saka kuwi bab donga? (1 Bb. 4:9, 10) [5 Okt., w10 1/10 kaca 23]
Piyé critané perang ing 1 Babad 5:18-22 isa nguwatké awaké dhéwé, bèn hubungan karo Yéhuwah tetep kuwat senajan ngadhepi masalah? [12 Okt., w05 1/10 kaca 9 par. 7]
Apa sebabé Dawud ngerti lan ngajèni pathokané Yéhuwah bab getih, lan apa sing isa ditiru saka conto kuwi? (1 Bb. 11:17-19) [19 Okt., w12 15/11 kaca 6-7 par. 12-14]
Apa sing ditindakké Dawud wektu nggawa pethiné Yéhuwah ing Yérusalèm? Lan, awaké dhéwé isa sinau apa saka bab kuwi? (1 Bb. 15:13) [26 Okt., w03 1/5 kaca 10-11 par. 11-13]