PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • km 10/15 hlm. 2
  • Carané Ngrogoh Atiné Wong sing Diwulang

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Carané Ngrogoh Atiné Wong sing Diwulang
  • Kagiyatané Abdiné Allah—2015
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Mbantu Bèn Gelem Ngetrapké
    Carané Bèn Trampil Maca lan Mulang
Kagiyatané Abdiné Allah—2015
km 10/15 hlm. 2

Carané Ngrogoh Atiné Wong sing Diwulang

1. Apa pengaruhé piwulangé Yésus kanggo wong sing ngrungokké?

1 Yésus Kristus ngrogoh atiné wong-wong sing ngrungokké. Mbiyèn, Yésus ngrogoh atiné para muridé wektu mulang Alkitab. (Lk. 24:32) Senajan manut karo Gusti Allah kuwi saka ati, piyé awaké dhéwé isa ngrogoh atiné sing diwulang, bèn isa ngowahi tumindaké bèn cocog karo Alkitab?​—Rm. 6:17.

2. Wektu ngrogoh atiné wong, apa sebabé kudu nganggo kawicaksanan lan pangertèn?

2 Nganggo Kawicaksanan lan Pangertèn: Kanggoné wong-wong, nèk mung nduduhké bab sing bener lan sing salah, kuwi ora isa nggawé wong ngowahi tumindaké. Nèk awaké dhéwé nyerang agamané nganggo ayat, beritané awaké dhéwé ora bakal ditampa. Bèn wong isa nampa, awaké dhéwé kudu ngerti apa sebabé dhèwèké percaya karo agamané, lan apa sebabé kuwi ditindakké. Awaké dhéwé kudu takon bab perasaan lan pikirané. (WB. 20:5) Awaké dhéwé isa milih katrangan saka Alkitab bèn isa ngrogoh atiné. Uga, kudu sabar lan nggatèkké. (WB. 25:15) Awaké dhéwé kudu ngerti nèk carané wong nanggepi sing disinaoni kuwi béda-béda. Roh suciné Yéhuwah sing bakal nuntun pikiran lan tumindaké.​—Mk. 4:26-29.

3. Piyé carané awaké dhéwé mbantu wong bèn nduwé sipat-sipat sing apik?

3 Mbantu Siswa Nduwèni Sipat-Sipat sing Apik: Kandhané Alkitab bab sipaté Yéhuwah yaiku katresnan lan apikan, isa mbantu siswa nduwèni sipat-sipat sing apik. Awaké dhéwé isa maca ing Jabur 139:1-4 utawa Lukas 12:6, 7 kanggo nduduhké nèk Gusti Allah nggatèkké dhèwèké lan wong-wong liyané. Nèk saben wong ngajèni sipat apikané Yéhuwah saka ati, wong kuwi bakal saya nresnani Yéhuwah lan péngin ngabdi. (Rm. 5:6-8; 1 Yo. 4:19) Wektu ngerti nèk tumindaké ana pengaruhé karo perasaané Yéhuwah, wong kuwi péngin nindakké kabèh sing nyenengké atiné Yéhuwah.​—Ms. 78:40, 41; WB. 23:15.

4. Ora meksa-meksa wong kon ngabdi marang Yéhuwah kuwi bukti nèk awaké dhéwé ngajèni wong sing sinau. Apa sebabé?

4 Yéhuwah ora tau meksa wong kon manut. Ning, Yéhuwah malah mènèhi kawicaksanan bèn abdiné isa manut karo tuntunané. (Yé. 48:17, 18) Awaké dhéwé isa niru carané Yéhuwah mulang, yaiku ngajari siswa bèn isa nggawé keputusan dhéwé. Nèk dhèwèké pancèn wis yakin bakal ngowahi tumindaké, dhèwèké bakal nyenengké Yéhuwah sakterusé. (Rm. 12:2) Kuwi uga bakal nggawé dhèwèké saya cedhak karo Yéhuwah, sing mriksa ati.​—WB. 17:3.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim