PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • km 12/15 hlm. 3
  • Ulangan Sekolah kanggo Mulang Alkitab

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Ulangan Sekolah kanggo Mulang Alkitab
  • Kagiyatané Abdiné Allah—2015
Kagiyatané Abdiné Allah—2015
km 12/15 hlm. 3

Ulangan Sekolah kanggo Mulang Alkitab

Pitakonan-pitakonan iki bakal dirembug ing Sekolah kanggo Mulang Alkitab mulai 28 Desember 2015. Tanggal pas bahan kuwi dirembug dicathet ing kéné, bèn bahan kuwi isa disinaoni sakdurungé teka ing acara sekolah saben mingguné.

  1. Apa bener Dawud tumindak kejem marang mungsuhé sing dikalahké, kaya anggepané wong wektu maca 1 Babad 20:3? [2 Nov., w05 15/2 kaca 27]

  2. Apa sing marakké Dawud nduwé sipat loma, lan piyé carané niru? (1 Bb. 22:5) [9 Nov., w05 1/10 kaca 11 par. 7]

  3. Apa maksudé Dawud wektu kandha karo Suléman, ”Sira diwanuh kalawan Gusti Allahé ramanira”? (1 Bb. 28:9) [16 Nov., w10 1/11 kaca 30 par. 3, 7]

  4. Penjaluké Suléman ing 2 Babad 1:10 nduduhké apa bab dhèwèké, lan apa sing isa dipriksa saka isi dongané awaké dhéwé marang Yéhuwah? (2 Bb. 1:11, 12) [23 Nov., w05 1/12 kaca 19 par. 6]

  5. Kaya ing 2 Babad 6:29, 30, mung Yéhuwah sing isa tumindak apa, lan apa sebabé kudu ngomongké kabèh sing ana ing njero ati wektu ndonga? (Ms. 55:23) [30 Nov., w10 1/12 kaca 11 par. 7]

  6. Merga apa Asa ndonga njaluk menang perang nglawan mungsuh sing akèh, lan awaké dhéwé isa percaya apa wektu ngadhepi masalah sing ngganggu hubungan karo Yéhuwah? (2 Bb. 14:11) [7 Des., w12 15/8 kaca 8 par. 6–kaca 9 par. 1]

  7. Wektu urusan karo Prabu Yosafat, piyé Yéhuwah nduduhké katresnané, lan piyé carané niru wektu urusan karo wong liya? (2 Bb. 19:3) [14 Des., w03 1/7 kaca 17 par. 13; cl kaca 245 par. 12]

  8. Saiki, apa sebabé lan piyé carané awaké dhéwé ’ngadeg baé ana ing [papané]’ awaké dhéwé? (2 Bb. 20:17) [21 Des., w05 1/12 kaca 21 par. 2; w03 1/6 kaca 21 par. 15-16]

  9. Apa sing isa disinaoni saka 2 Babad 21:20 lan sing ana hubungané karo matiné Yoram? [21 Des., w98 15/11 kaca 32 par. 4]

  10. Kaya ing 2 Babad 26:5, sapa sing mbantu Uzia dadi luwih apik, lan saiki piyé carané para sedulur enom éntuk paédah saka sedulur sing akrab karo Yéhuwah ing jemaat? [28 Des., w07 15/12 kaca 10 par. 2, 4]

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim