Cara Nawakké Wacan
Warta Penting 1 Januari
Apa panjenengan percaya nèk donya iki bakal dadi luwih apik, nèk wong-wongé manut karo pathokan iki? [Wacakna Ibrani 13:18, lan rungokna jawabané.] Alkitab ngandhani nèk awaké dhéwé kudu jujur ing kabèh perkara. Warta Penting sasi iki bakal ngrembug apa pengaruhé nèk jujur ing urip saben dinané.
Buku Keluarga Panjenengan Isa Ayem Tentrem
Nurut panjenengan, apa keluargané awaké dhéwé isa urip ayem tentrem ing donya sing kebak masalah iki? [Rungokna jawabané.] Ayat iki njamin nèk kuwi isa kelakon. [Wacakna Jabur 19:9-12.] Buku iki mènèhi akèh katrangan carané keluarga bèn isa urip ayem tentrem. Wacakna paragraf 2 ing kaca 3, duduhna daftar isi, lan tawakna bukuné.