SINAU SAKA ALKITAB | JABUR 1-10
Bèn Rukun Karo Yéhuwah, Awaké Dhéwé Kudu Ngajèni Yésus
Upaya nglawan Yéhuwah lan Yésus wis diramalké
Wis diramalké nèk bangsa-bangsa ora gelem ngakoni wewenangé Yésus, ning malah percaya lan ngendelké wewenangé dhéwé
Ramalan iki kedadéan wektu Yésus nèng bumi lan saiki saya kerep manèh
Sing nulis Jabur kandha nèk bangsa-bangsa kuwi ngomongké perkara-perkara sing tanpa guna, maksudé mung omong kosong lan ora bakal kelakon
Mung sing ngajèni Raja sing dipilih Yéhuwah sing bakal urip
Kabèh sing nglawan Raja Sang Mèsih bakal ditumpes
Nèk ngajèni Yésus, bakal slamet lan urip ayem tentrem