URIPÉ WONG KRISTEN
Apa Isa Dicoba Setaun?
Nyoba apa? Merintis biasa. Panjenengan bakal éntuk akèh berkah.—WB 10:22.
NÈK MERINTIS, PANJENENGAN ISA . . .
luwih trampil lan seneng wektu nginjil
nduwé hubungan sing kuwat karo Yéhuwah. Saya akèh ngomongké bab Yéhuwah marang wong liya, saya éling nèk sipat-sipaté Yéhuwah kuwi nggumunké
seneng merga wis ngutamakké Kratoné Gusti Allah timbang kepentingané dhéwé, lan merga isa mbantu wong liya.—Mt 6:33; PR 20:35
mèlu rapat perintis wektu pinituwa wilayah marani jemaat, rapat kusus ing Kebaktian Sakwilayah, lan Sekolah Perintis
nduwé akèh kesempatan kanggo mulai lan mulang sinau Alkitab
nggunakké luwih akèh wektu kanggo nginjil bareng penginjil liya, lan nguwatké siji lan sijiné.—Rm 1:11, 12