SINAU SAKA ALKITAB | JABUR 74-78
Pikiren Pakaryané Yéhuwah
Penting banget mikirké kabèh sing wis ditindakké Yéhuwah
Nèk kuwi dipikirké tenanan, isiné Alkitab isa mlebu ing ati. Uga, isa nggawé awaké dhéwé luwih ngajèni kabèh wacan Alkitab
Mikirké tenanan bab Yéhuwah mbantu awaké dhéwé éling bab pakaryané lan pengarep-arep sing wis disedhiyakké
Pakaryané Yéhuwah klebu:
Kabèh sing digawé
Nèk saya akèh sinau bab kabèh sing digawé, awaké dhéwé dadi luwih ngajèni Yéhuwah
Para pinituwa ing jemaat
Awaké dhéwé kudu manut karo wong-wong sing nduwé wewenang ing jemaat
Nylametké manungsa
Nèk mikirké carané Yéhuwah nylametké manungsa, kuwi isa nguwatké imané awaké dhéwé nèk Yéhuwah péngin lan isa ngopèni para abdiné