PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • mwb17 Januari hlm. 8
  • Dongakna Para Sedulur sing Dianiaya

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Dongakna Para Sedulur sing Dianiaya
  • Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2017
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Berita sing Isa Dipercaya lan Isa Nguwatké
    Carané Sumbangané Njenengan Digunakké
  • Tetep Bahagia Wektu Dianiaya
    Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2022
  • Naséhat saka Alkitab ing JW.ORG
    Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2022
  • Tambah Trampil Nginjil—Nggunakké JW.ORG
    Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2018
Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2017
mwb17 Januari hlm. 8

URIPÉ WONG KRISTEN

Dongakna Para Sedulur sing Dianiaya

Alkitab ngramalké nèk Sétan bakal nganiaya kita supaya gawéan nginjil dadi mandheg. (Yo 15:20; Wy 12:17) Piyé awaké dhéwé isa mbantu para sedulur sing dianiaya ing dhaérah-dhaérah liya? Awaké dhéwé isa ndongakké para sedulur kuwi. ”Pandongané wong mursid, kang kaaturaké kalawan kayakinan iku gedhé banget dayané.”—Yb 5:16.

Sedulur lanang sing tangané diborgol dilebokké ing penjara; sedulur-sedulur lanang lan wédok lagi ngumpul; sedulur lanang lagi ndonga

Ndongakké apa? Kita isa ndongakké bèn Yéhuwah mbantu para sedulur kuwi dadi kendel. (Yé 41:10-13) Awaké dhéwé uga isa ndongakké bèn pamréntah gelem ndhukung gawéan nginjil, ”supaya urip kita bisaa tentrem lan ayem”.—1Tm 2:1, 2.

Wektu ndongakké Paulus lan Pétrus sing lagi dianiaya, wong-wong Kristen ing abad kapisan nyebut jenengé wong loro kuwi. (PR 12:5; Rm 15:30, 31) Nèk awaké dhéwé saiki ora ngerti jenengé para sedulur sing dianiaya, awaké dhéwé isa nyebutké jeneng jemaaté, negarané, utawa dhaérahé.

  • Katrangan sing paling anyar bab Seksi-Seksi Yéhuwah sing dianiaya isa ditemokké ing jw.org. (Deloken RUANG BERITA > BERITA HUKUM.)

  • Ing artikel ”Saksi-Saksi Yehuwa yang Dipenjarakan Karena Iman Mereka—Menurut Lokasi” ing jw.org, ana daftar para sedulur sing lagi dipenjara ing saben negara. (Deloken RUANG BERITA > BERITA HUKUM. Pilihen salah siji negarané kanggo éntuk katrangan sing luwih akèh lan ngundhuh fail PDF sing nyebutké jenengé kabèh sedulur sing dipenjara ing negara kuwi.)

Tulisen jeneng-jeneng negara sing ing kono ana wong-wong Kristen sing dianiaya lan péngin panjenengan dongakké.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim