PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • mwb17 Februari hlm. 4
  • Wicaksana Wektu Nawakké Wacan

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Wicaksana Wektu Nawakké Wacan
  • Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2017
Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2017
mwb17 Februari hlm. 4
Wong wédok ngrungokké wektu Seksi Yéhuwah nawani brosur Kabar Apik saka Gusti Allah

URIPÉ WONG KRISTEN

Wicaksana Wektu Nawakké Wacan

Yésus mulang, ”Kowé padha nampani kanthi lelahanan [tanpa mbayar], mulané wènèhna kanthi lelahanan uga.” (Mt 10:8) Awaké dhéwé manut karo arahan kuwi lan ora njaluk bayaran wektu ngekèki Alkitab utawa wacan Alkitab marang wong liya. (2Kr 2:17) Senajan ngono, wacan-wacan kuwi isiné piwulang saka Alkitab sing aji banget. Kanggo nyétak lan ngirim wacan-wacan kuwi ing saklumahing bumi dibutuhké ragad lan upaya sing gedhé. Mula, awaké dhéwé kuduné njupuk wacan-wacan kuwi manut kebutuhané dhéwé-dhéwé.

Wektu ngekèki wacan marang wong liya utawa nginjil ing panggonan umum, awaké dhéwé kudu nemtokké dhisik minaté. Aja mung ngekèkké wacan marang wong-wong sing liwat. (Mt 7:6) Ngupayaa ngejak omong-omongan dhisik. Coba gatèkna pitakonan-pitakonan ing kothak sing ana ing halaman iki bèn isa ngerti wong kuwi minat tenan apa ora. Nèk panjenengan ora yakin karo minaté wong kuwi, panjenengan isa ngekèki selebaran waé. Nanging, nèk dhèwèké njaluk majalah utawa wacan liya, awaké dhéwé uga seneng ngekèki.​—WB 3:27, 28.

APA WONGÉ . . .

  • ngrungokké tenanan wektu awaké dhéwé ngomong?

  • nanggepi wektu dijak omong-omongan?

  • gelem maca wacan?

  • gelem ngekèki sumbangan?

  • kétok seneng lan ngajèni apa sing diwacakké saka Alkitab?

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim