SINAU SAKA ALKITAB | YÉRÉMIA 12-16
Wong Israèl Wis Nglalèkké Yéhuwah
Yérémia éntuk tugas sing ora gampang sing nggambarké kersané Yéhuwah kanggo ngukum wong-wong Yéhuda lan Yérusalèm sing sombong lan ndableg.
Yérémia tuku sabuk léna
13:1, 2
Sabuk sing digubedké ing pinggang kuwi nggambarké hubungan sing raket sing isa diduwèni karo Yéhuwah lan bangsa Israèl
Yérémia nggawa sabuk kuwi menyang Kali Éfrat
13:3-5
Yérémia ndhelikké sabuk kuwi ing sela-selané gunung batu, banjur bali menyang Yérusalèm
Yérémia bali menyang Kali Éfrat kanggo njupuk sabuk mau
13:6, 7
Sabuké wis rusak
Sakwisé Yérémia ngrampungké tugas kuwi, Yéhuwah lagi njelaské alesané
13:8-11
Upayané Yérémia kanggo manut sak tulusé ati marang dhawuhé Yéhuwah sing kétoké sepélé kuwi, nggambarké upayané Yéhuwah kanggo nggugah atiné umaté