URIPÉ WONG KRISTEN
Sepira Kuwaté Iman Panjenengan marang Janjiné Yéhuwah?
Yosua lan Salomo ngakoni nèk ora ana janjiné Yéhuwah sing ora kelakon. (Ys 23:14; 1Ra 8:56) Katrangan saka seksi loro sing isa dipercaya kuwi isa dadi dhasar sing kuwat kanggo mbangun iman kita.—2Kr 13:1; Tt 1:2.
Piyé janjiné Yéhuwah kelakon ing jamané Yosua? Panjenengan isa nonton vidéo drama ”Tidak Satu Kata Pun yang Tidak Ditepati” bareng karo keluarga. Banjur, jawaben pitakonan-pitakonan iki: (1) Piyé carané niru imané Rakhab? (Ib 11:31; Yb 2:24-26) (2) Piyé pengalamané Akhan dadi bukti nèk ora manut kuwi isa marahi cilaka? (3) Senajan wong-wong Gibéon kuwi dadi pejuang, kenapa wong-wong kuwi ngapusi Yosua lan ngupaya rukun karo wong Israèl? (4) Piyé pangandikané Yéhuwah kelakon wektu limang rajané wong Amori ngancam Israèl? (Ys 10:5-14) (5) Apa berkah saka Yéhuwah sing panjenengan rasakké merga ngutamakké Kratoné Allah lan kaadilané?—Mt 6:33.
Iman kita marang janji-janjiné Yéhuwah isa dadi saya kuwat nèk terus mikirké sing wis, lagi, lan arep ditindakké Yéhuwah.—Rm 8:31, 32.
Apa panjenengan nduwé iman kaya Yosua?