URIPÉ WONG KRISTEN
Tata Krama ing Ngarep Lawang
Wong-wong Kristen kuwi ”padha dadi tontonaning jagad”. (1Kr 4:9) Dadi, ora perlu nggumun nèk sing nduwé omah isa waé ndelok utawa ngrungokké awaké dhéwé saka njero omah. Ana omah sing mbokmenawa nduwé kaméra pengaman lan mikrofon bèn isa ndelok, ngrungokké, lan ngrekam awaké dhéwé. Mula, kita kudu nduduhké tata krama wektu ngadeg ing ngarep lawang.—2Kr 6:3.
LIWAT TUMINDAK (Fp 1:27):
Aja nginjen omahé bèn sing nduwé omah ora rumangsa keganggu. Aja mangan, ngombé, tilpun-tilpunan utawa SMS-an wektu ngadeg ing ngarep lawang
LIWAT OMONGAN (Éf 4:29):
Wektu durung dibukakké lawang, aja ngomongké bab sing isa nggawé sing nduwé omah ora seneng. Mbokmenawa luwih apik nèk mandheg dhisik ngobrolé bèn isa mikirké apa sing arep diomongké marang sing nduwé omah