URIPÉ WONG KRISTEN
Nggunakké Urip kanggo Ngluhurké Yéhuwah
Urip kuwi hadiah sing aji. Kita kudu ngajèni hadiah iki. Kuwi nyata saka carané awaké dhéwé nggunakké urip saben dina. Kita ngupaya kanggo nggunakké bakat lan kemampuan kita kanggo ngurmati lan ngluhurké Yéhuwah, sing dadi Sumberé Urip. (Ms 36:10; Wy 4:11) Ning, rasa kuwatir bab urip saben dina ing donya sing jahat iki isa nggawé kita keslimur lan ora ngutamakké bab rohani. (Mk 4:18, 19) Kita kabèh kudu mikir, ’Apa aku wis mènèhi sing paling apik kanggo Yéhuwah?’ (Hs 14:3) Apa pengaruhé gawéanku marang hubunganku karo Yéhuwah? Apa cita-cita rohaniku? Piyé carané aku isa tumindak luwih akèh manèh kanggo ngabdi marang Yéhuwah?’ Nèk pancèn isa nindakké kuwi, ndongaa lan nggawéa owah-owahan. Kita isa yakin nèk ngluhurké Yéhuwah saben dina kuwi isa nggawé marem lan bungah.—Ms 61:9.
Bakatmu arep digunakké kanggo sapa?
DELOKEN VIDÉO GUNAKNA KEMAMPUANMU KANGGO YÉHUWAH, LAN JAWABEN PITAKONAN-PITAKONAN IKI:
Apa sebabé nggunakké bakat ing donyané Sétan kuwi ora wicaksana? (1Yo 2:17)
Apa waé berkahé nèk kita mènèhi sing paling apik kanggo Yéhuwah?
Panjenengan isa nggunakké bakat lan ketrampilan kanggo ngluhurké Yéhuwah nganggo cara apa waé?