SINAU SAKA ALKITAB | ZÉFANYA 1–HAGAI 2
Ngupayaa Yéhuwah Sakdurungé ’Dina Bebenduné’
Bèn isa dislametké Yéhuwah ing ’dina bebenduné’, ora cukup nèk mung dadi abdiné Yéhuwah. Kita kudu manut karo arahan sing Zéfanya wènèhké marang bangsa Israèl.
Ngupayaa Yéhuwah: Njaga hubungan karo Yéhuwah tetep akrab kanthi cara dadi bagéan saka pakumpulané Yéhuwah
Ngupayaa kaadilan: Terus ngetrapké pathokan-pathokané Yéhuwah sing adil
Ngupayaa andhap asor: Kanthi andhap asor nindakké kersané Yéhuwah lan nampa disiplin saka Yéhuwah
Piyé carané bèn aku isa ngupaya Yéhuwah, kaadilan, lan andhap asor luwih apik manèh?