PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • mwb17 Desember hlm. 5
  • Persedhiyaan Anyar kanggo Pakumpulan Ibadah Tengah Pekan

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Persedhiyaan Anyar kanggo Pakumpulan Ibadah Tengah Pekan
  • Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2017
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Sang Raja Mlebu Yérusalèm karo Nunggang Keledai
    Yésus—Dalan, Sing Bener, Sing Marahi Urip
  • A7-G Peristiwa Penting Wektu Yésus ing Bumi—Pelayanané Yésus sing Terakhir ing Yérusalèm (Bagéan 1)
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
  • Kata ”Amin” Dianggep Penting karo Yéhuwah
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2019
Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2017
mwb17 Desember hlm. 5
Injil Matéus ing Kitab Suci Terjemahan Dunia Baru édhisi pelajaran sing ana ing situs wèb

URIPÉ WONG KRISTEN

Persedhiyaan Anyar kanggo Pakumpulan Ibadah Tengah Pekan

Wiwit sasi Januari 2018, ing pakumpulan ibadah tengah pekan, kita bakal ngrembug katrangan kanggo sinau lan média saka New World Translation of the Holy Scriptures èdhisi pelajaran (nwtsty-E) sing ana ing situs wèb, senajan kuwi durung ana ing basané panjenengan. Katrangan iki mesthi bakal migunani banget wektu kita nggawé persiapan kanggo pakumpulan ibadah. Lan sing luwih penting manèh, iki isa mbantu kita dadi luwih cedhak karo Yéhuwah, Bapa sing welas asih.

KATRANGAN KANGGO SINAU

Katrangan iki mbantu kita ngerti bab basa, kabudayan, lan kahanan géografis sing dicathet ing Alkitab.

Matéus 12:20, Terjemahan Dunia Baru (NW)

Sumbu sing geniné arep mati: Lampu sing umumé dinggo ing omah-omah yaiku grabah cilik sing diisèni lenga zaitun. Sumbu rami sing dicelupké ing lenga mau dadi bahan bakar kanggo ngurubké geniné. Sing dimaksud karo tembung Yunani ”sumbu sing geniné arep mati” yaiku sumbu sing ngetokké asep merga mawané isih murub ning geniné wis mati. Ing Yésaya 42:3, nabi Yésaya ngramalké nèk Yésus kanthi welas asih mènèhi pangarep-arep kanggo wong-wong sing susah lan ditindhes.

Matéus 26:13, NW

Saktenané: Tembung Yunani a·menʹ kuwi transliterasi saka tembung Ibrani ʼa·menʹ, sing tegesé ”dadia kaya ngono” utawa ”mesthi”. Yésus kerep nggunakké tembung kuwi kanggo miwiti omongan, nggawé janji, utawa mènèhi ramalan kanggo nduduhké nèk kuwi bener lan isa dipercaya. Tembung ”saktenané” utawa amen sing digunakké karo Yésus iki unik, merga mung ana ing Injil. Tembung kuwi ora ana ing buku-buku liya ing Alkitab lan wacan-wacan liyané bab agama. Ing Injil Yokanan, Yésus nggunakké tembung ”amen” sing dibalèni ping pindho kanggo nandheské nèk sing diomongké kuwi bener lan isa dipercaya.

MÉDIA

Foto, gambar, sarta video lan animasi tanpa swara kanggo nggambarké rincian-rincian sing disebutké ing Alkitab.

Bètfagé, Gunung Zaitun, lan Yérusalèm

Video cekak iki nduduhké dalan menyang Yérusalèm saka sisih wétan. Diwiwiti saka dhaérah sing saiki disebut et-Tur, yaiku sing disebut Bètfagé ing jaman Alkitab, menyang salah siji puncak ing Gunung Zaitun. Bètani kuwi ana ing sisih wétané Bètfagé. Bètfagé kuwi ana ing sisih wétané lèrèng Gunung Zaitun. Wektu ing Yérusalèm, Yésus lan para muridé biyasané nginep ing Bètani, sing saiki dadi kutha el-ʽAzariyeh (El ʽEizariya), saka basa Arab sing tegesé ”Omahé Lazarus”. Yésus pancèn nginep ing omahé Marta, Maryam, lan Lazarus. (Mt 21:17; Mk 11:11; Lk 21:37; Yo 11:1) Wektu lunga saka omahé wong-wong kuwi menyang Yérusalèm, Yésus mbokmenawa ngliwati dalan sing ana ing video mau. Ing tanggal 9 Nisan 33 M, wektu nunggang keledai enom ngliwati Gunung Zaitun menyang Yérusalèm, Yésus mbokmenawa uga ngliwati dalan mau saka Bètfagé.

Dalan sing isa waé Yésus liwati saka Bétani menyang Yérusalèm
  1. Dalan saka Bètani menyang Bètfagé

  2. Bètfagé

  3. Gunung Zaitun

  4. Lembah Kidron

  5. Dhaérah Bait

Paku sing Nancep ing Tungkak

Paku sing nancep ing tungkak

Iki foto saka tiruané tungkaké manungsa sing dipaku nganggo paku wesi sing dawané 11,5 cm. Barangé sing asli ditemokké ing taun 1968, wektu nggali kutha Yérusalèm sisih lor ing jamané wong-wong Romawi. Kuwi ditemokké ing kothak watu sing disebut ossuary, yaiku panggonan kanggo nglumpukké balung-balungé wong sing wis mati sing dagingé wis dadi lemah. Kuwi nduduhké nèk wong sing matiné dipaku ing cagak isa dimakamké. Bukti sejarah mau uga mbuktèkké nèk paku kayané digunakké kanggo ngukum wong ing cagak kayu. Paku mau mbokmenawa mèh padha karo paku sing digunakké karo tentara Romawi wektu maku Yésus Kristus ing cagak.​—Mt 27:35.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim