URIPÉ WONG KRISTEN
Tambah Trampil Nginjil—Nggunakké Pitakonan sing Cocog
PENTING MERGA: Alkitab kandha, ”Rancangan kang ana ing atiné manungsa iku kaya banyu kang jero.” Pitakonan kuwi kaya timba. (WB 20:5) Pitakonan mbantu sing dikabari nyritakké isi atiné. Jawaban saka pitakonan-pitakonan sing dipilih kanthi apik isa mbantu kita neruské rembugané. Yésus nggunakké pitakonan-pitakonan sing cocog. Piyé carané niru Yésus?
CARANÉ:
Gunakké pitakonan sudut pandang. Yésus nggunakké pitakonan-pitakonan kanggo ngerti pandhangané para muridé. (Mt 16:13-16; be-IN 238 ¶4-6) Pitakonan sudut pandang apa sing isa panjenengan gunakké?
Gunakké pitakonan kanggo ngarahké. Kanggo mbenerké cara mikiré Pétrus, Yésus mènèhi pirang-pirang pitakonan lan pilihan jawaban bèn Pétrus isa nggawé kesimpulan sing bener. (Mt 17:24-26) Pitakonan apa sing isa panjenengan gunakké kanggo mbantu sing dikabari nggawé kesimpulan sing bener?
Ngalem sing dikabari. Yésus ngalem salah siji ahli Torèt wektu dhèwèké njawab kanthi wicaksana. (Mk 12:34) Piyé panjenengan isa ngalem sing dikabari wektu dhèwèké njawab pitakonan?
DELOKEN BAGÉAN KAPISAN SAKA VIDEO TINDAKNA GAWÉAN SING DITINDAKKÉ YÉSUS—MULANGKÉ KITAB SUCI. LAN JAWABEN PITAKONAN-PITAKONAN IKI:
Apa sebabé conto ing video iki ora apik senajan katrangané akurat?
Apa sebabé ora cukup mung njelaské katrangané?
DELOKEN BAGÉAN KAPINDHO SAKA VIDEO KUWI LAN JAWABEN PITAKONAN-PITAKONAN IKI:
Piyé sedulur kuwi nggunakké pitakonan sing cocog?
Apa manèh sing isa kita tiru saka carané mulang?
Apa pengaruhé wulangan kita kanggo wong liya? (Lk 24:32)