Paskah dudu gambaran kanggo Pèngetan. Ning ana akèh sing digunakké ing riyaya Paskah isih ana maknané kanggo kita. Contoné, rasul Paulus nyebut Yésus ”Cempé Paskah kita”. (1Kor 5:7) Getihé cempé sing dicipratké ing pinggirané lawang isa nylametké nyawa, semono uga getihé Yésus. (Pa 12:12, 13) Sakliyané kuwi, balungé cempé Paskah ora ditugel. Kuwi padha karo balungé Yésus sing ora ditugel, senajan wektu kuwi ana kebiasaan nugel balungé wong sing dihukum.—Pa 12:46; Yoh 19:31-33, 36.