PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • mwb18 Agustus hlm. 7
  • Yésus Uga Mati kanggo Sedulurmu

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Yésus Uga Mati kanggo Sedulurmu
  • Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2018
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Tetep Rukun karo Para Sedulur
    Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
  • Ngrampungi Masalah nganggo Katresnan
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2016
  • Aja Nglarani Atiné ”Wong sing Kaya Bocah Cilik Iki”
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2021
Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2018
mwb18 Agustus hlm. 7
Yésus ngomong karo para pengikuté

URIPÉ WONG KRISTEN

Yésus Uga Mati kanggo Sedulurmu

Yésus ngurbanké nyawané kanggo wong-wong sing ora sampurna. (Rm 5:8) Kita mesthi ngajèni katresnan sing diduduhké Yésus marang kita sing wis ngurbanké nyawané. Ning, kadhang kala kita kudu diélingké nèk Yésus uga mati kanggo sedulur kita. Piyé carané nduduhké katresnan kaya sing Yésus duduhké kanggo para sedulur sing ora sampurna? Pikirna telung cara iki. Kapisan, kita isa srawung karo luwih akèh wong sing latar belakangé béda-béda. (Rm 15:7; 2Kor 6:12, 13) Kapindho, kita kudu ngati-ati aja nganti omongan utawa tumindak kita nglarani atiné sedulur liyané. (Rm 14:13-15) Katelu, kudu cepet ngapurani nèk ana wong sing nggawé awaké dhéwé lara ati. (Luk 17:3, 4; 23:34) Nèk kita ngupaya tenanan niru Yésus nggunakké cara-cara iki, Yéhuwah bakal mberkahi jemaat bèn terus dadi rukun lan tentrem.

DELOKEN VIDEO NDUWÉ SIPAT SING LUWIH APIK, LAN JAWABEN PITAKONAN-PITAKONAN IKI:

  • Miki disambut karo para sedulur ing jemaat

    Mauné piyé perasaané Miki bab para sedulur ing jemaat?

  • Miki ngrasa ora seneng karo sedulur liya

    Apa sebabé perasaané Miki dadi malih?

  • Yésus tetep apikan senajan murid-muridé keturonan

    Piyé tuladhané Yésus mbantu Miki ngowahi pandhangané? (Mrk 14:38)

  • Miki mèsem wektu ana bocah cilik sing nyènggol dhèwèké nganti ombèné ngutahi klambi

    Piyé Wulang Bebasan 19:11 mbantu kita bèn nduwé pandhangan sing positif bab sedulur seiman?

KANGGO DIPIKIRKÉ:

Apa ana kesalahan saka sedulur seiman sing nglarani atiku sing isa tak lalèkké waé?

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim