SINAU SAKA ALKITAB | KISAH 6-8
Jemaat Kristen sing Anyar Ngadhepi Tantangan
Para randha sing basané Yunani lan lagi waé dibaptis manggon rada suwé ing Yérusalèm. Para randha kuwi ngalami tumindak sing ora adil. Apa kuwi nggawé cilik ati? Utawa, apa wong-wong kuwi sabar ngentèni Yéhuwah tumindak?
Sakwisé Stéfanus dibalangi watu, wong-wong Kristen mlayu saka Yérusalèm menyang dhaérah Yudéa lan Samaria merga dianiaya. Apa kuwi nggawé wong-wong Kristen dadi ora semangat nginjil manèh?
Jemaat Kristen sing anyar isa maju lan kuwat imané merga dhukungané Yéhuwah.—Kis 6:7; 8:4.
COBA DIPIKIR, ’Apa sing tak tindakké wektu ngadhepi tantangan?’