PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • mwb19 Januari hlm. 7
  • ”Paulus Ngucap Sokur marang Gusti Allah lan Ngrasa Dikuwatké”

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • ”Paulus Ngucap Sokur marang Gusti Allah lan Ngrasa Dikuwatké”
  • Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2019
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Meréka Kerja Keras Nglayani Awaké Dhéwé
    Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2023
  • Apa Waé Tugasé Pinituwa Wilayah?
    Sapa sing Nindakaké Kersané Yéhuwah ing Jaman Saiki?
Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2019
mwb19 Januari hlm. 7
Paulus ngucap sokur marang Gusti Allah kanggo para sedulur sing wis mlaku adoh kanggo nemoni dhèwèké

URIPÉ WONG KRISTEN

”Paulus Ngucap Sokur marang Gusti Allah lan Ngrasa Dikuwatké”

Wektu jemaat ing Roma krungu nèk Paulus arep teka, ana sedulur-sedulur sing mlaku adohé 64 km kanggo nemoni Paulus. Paulus ngajèni banget pengorbanané para sedulur kuwi. ”Wektu ndelok sedulur-sedulur kuwi, Paulus ngucap sokur marang Gusti Allah lan ngrasa dikuwatké.” (Kis 28:15) Senajan Paulus biasané nguwatké jemaat-jemaat, ning wektu dadi tahanan, dhèwèké sing dikuwatké.​—2Kor 13:10.

Saiki, para pinituwa wilayah ngunjungi jemaat-jemaat kanggo nguwatké para sedulur. Kaya umaté Gusti Allah liyané, kadhang kala dhèwèké isa dadi kesel, kuwatir, lan cilik ati. Dadi, wektu pinituwa wilayah lan bojoné ngunjungi jemaaté njenengan, apa sing isa njenengan tindakké supaya isa ”nguwatké siji lan sijiné”?​—Rm 1:11, 12.

  • Pinituwa wilayah mandhu pertemuan sakdurungé nginjil

    Ndhukung pertemuan sakdurungé nginjil. Pinituwa wilayah dikuwatké karo para penyiar sing wis nggawé pengorbanan kanggo ndhukung kunjungané. (1Tés 1:2, 3; 2:20) Njenengan isa mèlu merintis èkstra ing sasi kuwi. Apa njenengan isa nginjil karo pinituwa wilayah lan bojoné utawa ngejak dhèwèké mèlu PAR karo njenengan? Pinituwa wilayah lan bojoné seneng nèk isa nginjil karo penyiar sing béda-béda, klebu penyiar anyar utawa sing kurang trampil nginjil.

  • Siji keluarga lagi nyambut pinituwa wilayah lan bojoné

    Seneng nampa tamu. Apa njenengan gelem nyedhiakké penginepan utawa ngundang mangan? Iki nduduhké nèk njenengan nresnani pinituwa wilayah lan bojoné. Pinituwa wilayah lan bojoné seneng nèk persediaané sing sederhana waé.​—Luk 10:38-42.

  • Pinituwa wilayah mandhu rapat pinituwa

    Ngrungokké lan ngetrapké arahan lan naséhat pinituwa wilayah. Pinituwa wilayah seneng mbantu awaké dhéwé bèn dadi abdiné Yéhuwah sing luwih apik. Kadhang, pinituwa wilayah mènèhi naséhat sing tegas. (1Kor 5:1-5) Dhèwèké seneng nèk awaké dhéwé manut lan tundhuk.​—Ibr 13:17.

  • Sedulur-sedulur nduduhké rasa maturnuwuné marang pinituwa wilayah lan bojoné

    Duduhna rasa maturnuwun. Ngomonga karo pinituwa wilayah lan bojoné nèk njenengan éntuk manfaat saka kunjungané. Isa ngomong langsung utawa nganggo kartu ucapan.​—Kol 3:15.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim