PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • mwb19 Juni hlm. 7
  • Hiburan Kaya Apa sing Kuduné Tak Pilih?

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Hiburan Kaya Apa sing Kuduné Tak Pilih?
  • Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2019
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Milih Hiburan sing Isa Nggawé Yéhuwah Seneng
    Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
  • Carané Milih Hiburan
    Carané Bèn Tetep Ditresnani Gusti Allah
  • Terus Ngabdi Mung marang Yéhuwah
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2019
Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2019
mwb19 Juni hlm. 7

URIPÉ WONG KRISTEN

Hiburan Kaya Apa sing Kuduné Tak Pilih?

Apa sebabé awaké dhéwé kudu ati-ati wektu milih hiburan? Merga film, lagu, situs web, utawa game sing awaké dhéwé pilih kuwi ana pengaruhé kanggo pikiran lan tumindaké awaké dhéwé. Terus, akèh-akèhé hiburan sing ana saiki isiné ora cocog karo apa sing dikarepké Yéhuwah. (Ms 11:5; Gal 5:19-21) Mula, Alkitab ngongkon bèn awaké dhéwé terus mikirké apa sing isa ngluhurké Yéhuwah.​—Flp 4:8.

DELOKEN VIDEO HIBURAN SING KUDUNÉ TAK PILIH, TERUS JAWABEN PITAKONAN-PITAKONAN IKI:

  • Pertunjukan gladiator pas jaman Roma

    Apa sebabé pertunjukan gladiator pas jaman Roma mbiyèn padha karo akèh hiburan sing ana saiki?

  • Perintis sing lagi nginjil bareng sedulur sing luwih enom

    Piyé carané para sedulur ing jemaat isa mbantu cah enom bèn luwih ati-ati wektu milih hiburan?

  • Prajurit

    Piyé pathokan sing ana ing Roma 12:9 isa mbantu awaké dhéwé wektu arep milih hiburan?

  • Sedulur-sedulur enom lagi bal-balan

    Apa waé conto-conto hiburan ing dhaérahé njenengan sing ora nglanggar pathokané Yéhuwah?

HIBURAN SING LUWIH AKÈH MANFAATÉ

Akèh-akèhé hiburan sing terkenal saiki nggawé wong mung nonton utawa maca apa sing ditindakké wong liya ketimbang nindakké kegiatan. Film, buku, lan acara TV biasané nduduhké idéné wong liya, dudu idéné njenengan dhéwé. Senajan akèh hiburan sing kaya ngono, ning tetep akèh sing seneng karo hiburan sing isa ditindakké langsung. Contoné, ana sing seneng main musik utawa nglukis. Liyané mungkin seneng olahraga, munggah gunung, utawa kémah. Ora masalah hiburan apa sing awaké dhéwé pilih, sing penting awaké dhéwé ’nindakké samubarang kabèh demi kamulyané Gusti Allah’.​—1Kor 10:31.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim