PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • mwb19 Agustus hlm. 8
  • Yéhuwah Ora Bakal Lali karo Kerja Kerasmu

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Yéhuwah Ora Bakal Lali karo Kerja Kerasmu
  • Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2019
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Bètel Iku Apa?
    Sapa sing Nindakaké Kersané Yéhuwah ing Jaman Saiki?
Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2019
mwb19 Agustus hlm. 8
Sedulur wédok kerja ing dapur Bètel

URIPÉ WONG KRISTEN

Yéhuwah Ora Bakal Lali karo Kerja Kerasmu

Kabèh umaté Yéhuwah isa nindakké gawéan sing bakal terus diéling-éling karo Yéhuwah. Kaya wong tuwa sing sayang lan bakal terus ngéling-éling tumindak apiké anak-anaké, Yéhuwah ya ora bakal lali karo kerja keras lan rasa sayang sing wis awaké dhéwé duduhké kanggo Yéhuwah. (Mat 6:20; Ibr 6:10) Pancèn, keadaan lan kemampuané awaké dhéwé béda-béda. Ning, awaké dhéwé isa bahagia nèk ngupaya nindakké sing paling apik kanggo Yéhuwah. (Gal 6:4; Kol 3:23) Ana akèh sedulur sing wis nglayani ing Bètel. Apa njenengan isa nglayani ing Bètel? Nèk ora, njenengan isa ndhukung sedulur liya bèn isa nglayani ing Bètel, utawa mbantu sedulur-sedulur sing wis nglayani ing Bètel bèn isa terus tekun nglayani ing kono.

DELOKEN VIDEO CARANÉ BÈN ISA NGLAYANI ING BÈTEL, TERUS JAWABEN PITAKONAN-PITAKONAN IKI:

  • Apa sing kuduné dadi alesan kanggo nglayani ing Bètel?

  • Berkah apa waé sing dirasakké para sedulur merga nglayani ing Bètel?

  • Apa waé syarat-syarat bèn isa nglayani ing Bètel?

  • Piyé carané njenengan isa ndaftar dinas Bètel?

Telung anggota Bètel kerja bareng ing ngarepé komputer; sedulur lanang nglebokké publikasi ing kerdus-kerdus; sedulur lanang nindakké gawéan tukang kayu ing Bètel

Syarat-syarat nglayani ing Bètel

  • Sayang karo Yéhuwah lan organisasiné

  • Manut pathokan tingkah laku saka Yéhuwah lan nduwé hati nurani sing apik

  • Pakaian lan dandanané cocog kanggo wong Kristen

  • Pilihan hiburané cocog kanggo wong Kristen

  • Biasané umuré 19 nganti 35 taun

  • Séhat jasmani, émosi, lan méntal

  • Isa maca, nulis, lan ngomong nganggo basa utama sing digunakké ing kantor cabang

  • Gelem nglayani paling ora setaun

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim