SINAU SAKA ALKITAB | YAKOBUS 3-5
Nduduhké Kawicaksanané Gusti Allah
Kawicaksanané Yéhuwah kuwi isa ditrapké ing urip saben dina. Contoné, kuwi isa mbantu awaké dhéwé dadi rukun manèh karo sedulur seiman. Nèk awaké dhéwé bener-bener nduwé kawicaksanané Gusti Allah, kuwi bakal kétok saka tumindaké awaké dhéwé.
PIKIRNA: ’Kawicaksanané Gusti Allah sing endi waé sing wis tak duduhké? Piyé carané bèn aku isa luwih nduduhké kawicaksanané Gusti Allah sing liyané?’
Murni
Seneng rukun
Masuk akal
Siap kanggo manut
Kebak welas asih lan tumindak sing apik
Ora pilih kasih
Ora munafik