SINAU SAKA ALKITAB | WAHYU 7-9
Yéhuwah Mberkahi Kumpulan Gedhé
Apa sebabé Yéhuwah mberkahi kumpulan gedhé?
Wong-wong kuwi ”ngadeg ing ngarepé tahta”, berarti ndhukung tenanan haké Yéhuwah kanggo mréntah
Wong-wong kuwi nganggo ”jubah putih”, nduduhké nèk Yéhuwah nganggep wong-wong kuwi resik lan bener merga nduwé iman karo korban tebusané Kristus
Wong-wong kuwi ’nindakké tugas suci awan lan bengi’, maksudé setya lan ngupaya tenanan kanggo terus nyembah Yéhuwah
Apa sing kudu tak tindakké bèn isa dadi bagéan saka kumpulan gedhé?