PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • mwb20 Februari hlm. 7
  • Apa Njenengan Éntuk Manfaat saka Nliti Alkitab Saben Dina?

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Apa Njenengan Éntuk Manfaat saka Nliti Alkitab Saben Dina?
  • Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2020
Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2020
mwb20 Februari hlm. 7

URIPÉ WONG KRISTEN

Apa Njenengan Éntuk Manfaat saka Nliti Alkitab Saben Dina?

Apa saben dina njenengan maca ayat lan koméntar sing ana ing Nliti Alkitab Saben Dina? Nèk durung, apa njenengan isa nindakké kuwi saben dina? Ana sing maca ayat harian ésuk-ésuk bèn isa ngrenungké kuwi wektu nindakké kegiatan dina kuwi. (Ys 1:8; Ms 119:97) Piyé carané bèn njenengan isa éntuk luwih akèh manfaat saka ayat harian? Wacanen ayat-ayat sakdurungé utawa sakwisé bèn isa ngerti latar belakangé. Coba pikirna kisah Alkitab sing nduduhké pathokan sing ana ing ayat kuwi. Terus, trapna pathokan kuwi. Nèk Alkitab mengaruhi keputusané njenengan, kuwi isa nuntun urip lan bener-bener ana manfaaté kanggo njenengan.​—Ms 119:105.

Keluarga Bètel sakdonya ngrembug Nliti Alkitab Saben Dina sakdurungé mulai kerja. Pirang-pirang taun iki, akèh pembahasané wis ana ing JW Broadcasting® ing bagéan vidéo ACARA. Kapan terakhir kali njenengan ndelok salah siji utawa luwih saka vidéo-vidéo kuwi? Mungkin ana topik-topik sing cocog karo kebutuhané njenengan. Contoné, piyé kisahé Lot isa mengaruhi keputusan-keputusané njenengan?

DELOKEN VIDÉO AJA NRESNANI DONYA (1YOH 2:15), TERUS JAWABEN PITAKONAN-PITAKONAN IKI:

  • Pathokan Alkitab apa sing dadi dhasar kanggo acara Ibadah Ésuk ing vidéo iki?

  • Apa sing isa disinaoni saka kisahé Lot soal bahayané nresnani donya utawa apa sing ana ing donya iki?​—Pd 13:12; 14:12; 19:3, 12, 13, 24-26

  • Piyé carané nduduhké nèk awaké dhéwé nresnani Yéhuwah, dudu nresnani donya utawa apa sing ana ing donya iki?

Gambar: Sedulur lanang sing lagi ngrenungké ayat harian ing sedina kuwi. 1. Wektu lagi maca ayat harian, sedulur lanang iki mbayangké pas malaékat narik tangané Lot sakeluarga metu saka Sodom. 2. Wektu lagi istirahat mangan awan ing panggonan kerjané, dhèwèké mbayangké manèh apa sing diwaca ésuk kuwi. 3. Pas nglempiti klambi bengi-bengi, dhèwèké nglanjutké manèh mbayangké apa sing wis diwaca ésuk kuwi.

Ing sedina iki, piyé carané nduduhké nèk aku ngajèni Alkitab?

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim