SINAU SAKA ALKITAB | PURWANING DUMADI 20-21
Yéhuwah Mesthi Nepati Janjiné
Yéhuwah mberkahi Abraham lan Sara merga imané. Yéhuwah mènèhi wong loro kuwi anak lanang. Abraham lan Sara terus nduwé iman karo janjiné Yéhuwah ing masa depan. Buktiné, wong loro kuwi tetep manut senajan ngadhepi masalah.
Wektu ana masalah, piyé carané mbuktèkké nèk aku percaya karo janjiné Yéhuwah ing masa depan? Piyé carané bèn imanku tetep kuwat?