SINAU SAKA ALKITAB | PANGENTASAN 5:24–7
”Ing Samengko Sira Bakal Sumurup, Apa kang Bakal Suntandukaké marang Pringon”
Sakdurungé ngukum wong Mesir lan nylametké bangsa Israèl bèn ora dadi budhak manèh, Yéhuwah ngandhani bangsa Israèl apa sing bakal Dhèwèké tindakké. Bangsa kuwi bakal ndelok Yéhuwah nggunakké kuwasané nganggo cara sing ora disangka-sangka. Bangsa Mesir bakal ngerti kaya apa Yéhuwah kuwi. Imané wong Israèl dadi tambah kuwat wektu janjiné Gusti Allah kelakon. Hasilé, bangsa kuwi isa bébas saka ajaran palsuné wong Mesir.
Apa sebabé kisah iki nggawé njenengan dadi tambah yakin nèk janjiné Yéhuwah ing masa depan mesthi kelakon?