URIPÉ WONG KRISTEN
Kudu Kendel Merga Akhir Kuwi Saya Cedhak
PENTING MERGA: Awaké dhéwé kudu kendel lan percaya karo Yéhuwah merga ana peristiwa-peristiwa penting sing bakal kelakon sukmbèn. Sengsara gedhé bakal dimulai wektu agama palsu disingkirké. (Mat 24:21; Why 17:16, 17) Wektu kuwi, isa waé awaké dhéwé ya nyampèkké berita penghukuman. (Why 16:21) Gog saka Magog bakal nyerang awaké dhéwé. (Yk 38:10-12, 14-16) Tapi, Yéhuwah bakal mbéla umaté pas ”perang ing dinané Gusti Allah Sing Mahakuwasa”. (Why 16:14, 16) Mulai saiki awaké dhéwé kudu kendel bèn sukmbèn isa terus kendel ngadhepi peristiwa-peristiwa kuwi.
CARANÉ:
Kendel nindakké apa sing bener nurut Yéhuwah.—Yé 5:20
Sregep teka ngibadah.—Ibr 10:24, 25
Langsung ngetrapké arahan saka organisasiné Yéhuwah.—Ibr 13:17
Ngrenungké pas mbiyèn Yéhuwah nylametké umaté.—2Ptr 2:9
Ndonga lan percaya karo Yéhuwah.—Ms 112:7, 8
DELOKEN VIDÉO DADIA KENDEL MBÉSUK—CUPLIKAN, TERUS JAWABEN PITAKONAN-PITAKONAN IKI:
Piyé tanggepané para sedulur wektu dikongkon nggabung jemaat liya?
Apa sebabé nèk saiki manut, sukmbèn awaké dhéwé isa kendel?
Apa sebabé kudu kendel pas Armagédon?
Kudu kendel mulai saiki bèn sukmbèn isa kendel
Conto apa saka Alkitab sing isa nggawé awaké dhéwé yakin nèk Yéhuwah bakal nggunakké kuwasané kanggo nylametké?—2Bb 20:1-24