URIPÉ WONG KRISTEN
Tambah Trampil Nginjil—Nginjil Liwat Kaméra utawa Interkom
PENTING MERGA: Wong-wong saiki mulai nggunakké kaméra ing ngarep lawang lan interkom merga akèh kejahatan. Mungkin awaké dhéwé wedi nèk nginjil karo wong sing isa ndelok awaké dhéwé, tapi awaké dhéwé ora isa ndelok wong kuwi. Awaké dhéwé isa luwih kendel nginjil liwat kaméra utawa interkom nèk nggatèkké saran-saran iki. Saran-saran iki ya isa dienggo kesaksian liwat télpon.
CARANÉ:
Aja wedi. Akèh wong gelem dikabari liwat kaméra utawa interkom
Kudu ngati-ati. Ana kaméra sing wis ngrekam sakdurungé awaké dhéwé ngomong karo sing nduwé omah. Sing nduwé omah isa weruh lan ngrungokké awaké dhéwé sakdurungé awaké dhéwé nyedhak ing lawang
Nèk sing nduwé omah gelem njawab, ngomonga liwat kaméra utawa interkom kaya nèk ketemu langsung. Kudu ramah lan senyum. Omongna sing wis njenengan siapké. Nèk ana kaméra, ngomongé aja cedhak-cedhak. Nèk sing nduwé omah ora gelem njawab, aja ninggalké pesan
Sakwisé rampung omong-omongan, isa waé sing nduwé omah isih ndelok lan ngrungokké awaké dhéwé