PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • mwb21 Maret hlm. 5
  • Apa Njenengan Wis Siap Mèlu Pèngetan?

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Apa Njenengan Wis Siap Mèlu Pèngetan?
  • Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2021
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Sapa sing Bakal Tak Undang?
    Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2020
  • Upayané Awaké Dhéwé Teka Ing Peringatan Nggawé Yéhuwah Seneng
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2023
  • Apa Panjenengan Wis Siap-Siap kanggo Acara Pèngetan?
    Kagiyatané Abdiné Allah—2015
  • Apa Njenengan Siap kanggo Acara Peringatan Taun Iki?
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2024
Delok Kabèh
Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2021
mwb21 Maret hlm. 5
Pétrus karo Yohanes nyiapké roti lan gelas ing méja.

Pétrus karo Yohanes nyiapké ruangan ing lantai ndhuwur kanggo Paskah taun 33 Masèhi.

URIPÉ WONG KRISTEN

Apa Njenengan Wis Siap Mèlu Pèngetan?

Bengi sakdurungé mati, Yésus ngrayakké Paskah sing terakhir karo para rasulé. Sing kelakon bar kuwi penting banget, merga Yésus nganakké Perjamuan Dalu Gusti sing kudu terus dirayakké para muridé saben taun. Kuwi sebabé Pétrus karo Yohanes dikon nyiapké ruangané. (Luk 22:7-13; deloken gambar halaman 1.) Awaké dhéwé ya kudu siap-siap sakdurungé mèlu Pèngetan tanggal 27 Maret. Para pinituwa mesthi wis ngatur sapa sing ceramah, sapa sing nyiapké roti lan anggur, lan liya-liyané. Terus, njenengan perlu nyiapké apa?

Mikirké tenanan soal tebusan. Maca lan mikirké tenanan ayat-ayat kanggo Pèngetan. Jadwalé ana ing Nliti Alkitab Saben Dina. Ana katrangan luwih akèh ing Lampiran B12 Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar. (Deloken katrangan ing Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjil April 2020.) Pas ibadah keluarga isa ngrembug soal tebusané Yésus lan nggolèk katrangan luwih akèh nganggo Indeks Publikasi Menara Pengawal lan Panduan Riset untuk Saksi-Saksi Yehuwa.

Keluarga ngrembug soal Pèngetan pas ibadah keluarga.

Ngundang wong liya. Mèlu nawakké undangan Pèngetan. Mikirké sapa sing arep diundang, misalé kunjungan, wong-wong sing wis tau sinau Alkitab, kanca, sedulur, lan keluarga. Para pinituwa ya bakal ngundang sedulur-sedulur sing wis ora tau ngibadah lan nginjil manèh. Nèk sing péngin diundang omahé adoh, njenengan isa nggolèkké katrangan soal jam lan alamaté Pèngetan sing paling cedhak karo omahé. Bukaken jw.org, pilihen bagéan BAB SEKSI YÉHUWAH, terus pilihen bagéan ”Pèngetan”.

Pinituwa loro ngundang sedulur sing wis ora tau ngibadah mèlu Pèngetan.

Apa manèh sing isa disiapké?

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim