DITRAPKÉ WEKTU NGINJIL | TAMBAH BAHAGIA WEKTU NGINJIL
Nggunakké Alkitab
Kuwasané Alkitab gedhé banget. (Ibr 4:12) Wong sing maca Alkitab bakal kenal karo Gusti Allah lan péngin nglakoni sing bener. (1 Tés 1:9; 2:13) Awaké dhéwé mesthi bahagia nèk wong sing dikabari nampa wulangan sing bener saka Alkitab.
DELOKEN VIDÉO BUNGAH WEKTU NDADÈKKÉ MURID—TAMBAH TRAMPIL—NDUDUHKÉ KUWASANÉ ALKITAB, TERUS JAWABEN PITAKONAN-PITAKONAN IKI:
Nita ngomong apa bèn Sari ngerti nèk nggolèk jawaban ing Alkitab kuwi masuk akal?
Apa manfaaté wektu ayaté diwaca nganggo swara, lan wektu Nita ngrembug intiné ayat kuwi?
Apa buktiné nèk Sari ngerti ayat sing diwaca, lan kira-kira piyé perasaané Nita?