PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • mwb21 Juli hlm. 3
  • Nduduhké Sikap Perduli

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Nduduhké Sikap Perduli
  • Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2021
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Gusti Allah Nduwé Empati
    Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2018
  • Mèlu Ngrasakké Apa sing Dirasakké Wong Liya
    Gatèkna!—2020
  • Tambah Bahagia Wektu Nginjil—Nggunakké Pitakonan
    Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2021
  • Mbantu Bèn Gelem Ngetrapké
    Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2021
Delok Kabèh
Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2021
mwb21 Juli hlm. 3

DITRAPKÉ WEKTU NGINJIL | TAMBAH BAHAGIA WEKTU NGINJIL

Nduduhké Sikap Perduli

Perduli kuwi maksudé isa ngerti apa sing dipikirké, dirasakké, dianggep penting, lan dibutuhké karo wong liya. Nèk awaké dhéwé bener-bener perduli lan péngin mbantu wong liya, wong kuwi mesthi isa ngrasakké. Nèk awaké dhéwé nduduhké sikap perduli wektu nginjil, kuwi berarti awaké dhéwé niru Yéhuwah sing sayang lan perduli karo manungsa. Hasilé, wong-wong dadi péngin cedhak karo Yéhuwah.​—Flp 2:4.

Sikap perduli kuwi ora mung kétok saka carané awaké dhéwé ngomong lan ngrungokké. Tapi, kuwi ya kétok saka sikap, gerakan tubuh, lan èksprèsi wajahé awaké dhéwé. Sikap perduli mémang isa dipelajari, ning kuwi kuduné tulus saka ati. Nèk perduli karo wong liya, awaké dhéwé gelem mikirké keadaané, apa sing disenengi, lan apa sing dipercaya karo wong kuwi. Awaké dhéwé isa mènèhi saran lan mbantu dhèwèké, tapi aja meksa. Awaké dhéwé isa tambah bahagia wektu wong liya gelem dibantu karo awaké dhéwé.

DELOKEN VIDÉO BUNGAH WEKTU NDADÈKKÉ MURID—TAMBAH TRAMPIL—NDUDUHKÉ SIKAP PERDULI, TERUS JAWABEN PITAKONAN-PITAKONAN IKI:

  • Gambar saka vidéo ’Bungah Wektu Ndadèkké Murid—Tambah Trampil—Nduduhké Sikap Perduli’. Pas ing kafé, Sari njelaské ngapa kok dhèwèké ora isa sinau dina kuwi.

    Apa buktiné nèk Nita perduli karo Sari wektu Sari tekané telat?

  • Gambar saka vidéo ’Bungah Wektu Ndadèkké Murid—Tambah Trampil—Nduduhké Sikap Perduli’. Wektu Sari ngomong, Nita nggatèkké.

    Apa buktiné nèk Nita perduli karo Sari wektu Sari ngomong nèk dhèwèké lagi strès?

  • Gambar saka vidéo ’Bungah Wektu Ndadèkké Murid—Tambah Trampil—Nduduhké Sikap Perduli’. Nita mbantu Sari ngresiki kamaré.

    Nèk awaké dhéwé perduli karo wong liya, wong-wong dadi péngin cedhak karo Yéhuwah

    Apa buktiné nèk Nita perduli karo Sari wektu Sari ngomong nèk dhèwèké wongé ora rapi?

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim