DITRAPKÉ WEKTU NGINJIL | TAMBAH BAHAGIA WEKTU NGINJIL
Mbantu Bèn Gelem Ngetrapké
Manut karo Yéhuwah kuwi kudu saktulusé ati. (WB 3:1) Dadi, wektu mulang, awaké dhéwé kudu mbantu sing sinau bèn gelem manut karo Yéhuwah saktulusé ati. Piyé carané?
Aja mung njelaské pathokané Alkitab, tapi bantunen sing sinau bèn isa ngerti apa manfaaté pathokané Alkitab kanggo dhèwèké lan hubungané karo Yéhuwah. Bantunen bèn dhèwèké isa ngerti nèk Yéhuwah mènèhi pathokan merga Yéhuwah wicaksana, apikan, lan sayang karo awaké dhéwé. Gunakna pitakonan-pitakonan sing cocog bèn isa ngerti piyé perasaané sing sinau soal apa sing wis dipelajari. Bantunen bèn dhèwèké isa ngerti apa manfaaté nèk ngetrapké pathokané Alkitab lan apa akibaté nèk ora ngetrapké. Awaké dhéwé isa tambah bahagia wektu sing sinau gelem manut karo Yéhuwah saktulusé ati.
DELOKEN VIDÉO BUNGAH WEKTU NDADÈKKÉ MURID—TAMBAH TRAMPIL—MBANTU BÈN GELEM NGETRAPKÉ, TERUS JAWABEN PITAKONAN-PITAKONAN IKI:
Kenapa Nita takon karo Sari, ”Apa kowé wis mikirké manèh sing dibahas ndhèk Senèn?”
Piyé carané Nita ngandhani Sari nèk Yéhuwah mènèhi aturan merga sayang karo Sari?
Sing sinau dadi gelem ngetrapké, nèk dhèwèké wis sayang karo Yéhuwah
Piyé carané Nita mbantu Sari bèn isa mbuktèkké rasa sayangé karo Yéhuwah?