DITRAPKÉ WEKTU NGINJIL | TAMBAH BAHAGIA WEKTU NGINJIL
Gelem Dibantu Sedulur Liya
’Kabèh sedulur seiman’ isa digunakké Yéhuwah kanggo mbantu awaké dhéwé. (1Ptr 5:9) Sedulur-sedulur kuwi isa mbantu bèn awaké dhéwé berhasil wektu nginjil. Misalé, Rasul Paulus mbiyèn dibantu Akuila lan Priskila, Silas, Timotius, lan sedulur liyané.—Kis 18:1-5.
Sedulur-sedulur isa mbantu apa waé? Sedulur-sedulur kuwi isa ngandhani piyé carané nanggepi nèk ana sing awalé ora gelem dijak omong-omongan, carané marani manèh, utawa carané nawakké lan mandhu sinau Alkitab. Coba pikirna kira-kira sapa ing jemaaté njenengan sing isa mbantu njenengan, terus ngomonga nèk njenengan péngin dibantu. Njenengan karo sedulur kuwi bakal padha-padha seneng lan ngrasakké manfaaté.—Flp 1:25.
DELOKEN VIDÉO BUNGAH WEKTU NDADÈKKÉ MURID—NGGUNAKKÉ PERSEDIAAN SAKA YÉHUWAH—PARA SEDULUR, TERUS JAWABEN PITAKONAN-PITAKONAN IKI:
Bèn Sari gelem mèlu pakumpulan ibadah, apa waé sing wis diupayakké Nita?
Wektu mandhu PAR, ngapa kok awaké dhéwé kudu ngejak sedulur liya?
Kabèh sedulur ing jemaat isa mbantu wong dadi muridé Yésus
Sari karo Abigay padha-padha seneng apa?
Awaké dhéwé isa sinau apa saka sedulur liya sing ngancani awaké dhéwé mandhu PAR?